Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 43:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Nabi Yeremia wus rampung anggone nglantarake marang rakyat kabeh sakehing pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kang marga saka dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kapratelakake marang para wong iku, yaiku: sakehing pangandika kang kasebut ing dhuwur,

2. Sang Azarya bin Hosaya lan Sang Yohanan bin Kareah sarta sakehing wong kang padha gumunggung iku padha banjur matur marang Nabi Yeremia: “Pangandika panjenengan punika dora! Sang Yehuwah, Gusti Allah kita boten ngutus panjenengan supados ngandika: Sira aja lunga menyang tanah Mesir, supaya manggon dadi wong neneka ana ing kana,

3. nanging Barukh bin Neria ingkang ngojok-ojoki panjenengan supados ngandika makaten dhateng kula, kanthi sedya badhe masrahaken kula dhateng ing tanganipun tiyang Kasdim ingkang lajeng badhe mejahi kula, punapadene ngangkataken kula dados tiyang tawanan dhateng Babil.”

4. Sang Yohanan bin Kareah lan sakehing prawiraning wadya-bala lan rakyat kabeh padha lumuh ngrungokake sabdane Sang Yehuwah, supaya tetepa manggon ana ing tanah Yehuda.

5. Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala nuli nglumpukake kekarene sakehing wong Yehuda, yaiku sakehing wong kang wus mulih saka ing antarane para bangsa, panggonane anggone padha pating slebar, kang banjur arep manggon ana ing tanah Yehuda,

maca bab lengkap Yeremia 43