Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 38:4-17 Kitab Sutji (JAV)

4. Para panggedhe mau nuli padha munjuk marang Sang Prabu: “Saenipun tiyang punika dipun pejahi! Ujer sarana ngucap makaten punika piyambakipun nglemesaken semangatipun para prajurit, ingkang taksih manggen wonten ing kitha ngriki, punapadene semangatipun rakyat sadaya. Sayektos, tiyang punika boten ngudi dhateng karaharjaning bangsa, nanging cilakanipun.”

5. Sang Prabu Zedhekia ngandika: “Prayoga, wong iku ana ing tanganira! Amarga ratu ora bisa nindakake apa-apa, kang nyulayani sira!”

6. Wong-wong iku banjur padha nyekel Nabi Yeremia lan dicemplungake ing sumur kagungane Pangeran Malkia kang ana ing plataran pajagan; anggone nyemplungake Nabi Yeremia mawa dhadhung. Sumure iku asat, mung ana endhute, dadine Nabi Yeremia nuli ambles ana ing endhutan kono.

7. Nanging nalika keprungu dening Ebed-Melekh, wong Etiopia iku -- dheweke iku sawijining abdidalem kaputren, kang manggon ana ing kraton -- manawa Nabi Yeremia kacemplungake ing sumur -- nalika samana Sang Prabu pinuju lenggah ana ing gapura Benyamin --,

8. Ebed-Melekh banjur metu saka ing kraton sarta munjuk marang Sang Prabu:

9. Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, pandamelipun tiyang-tiyang punika awon tumrap Nabi Yeremia, inggih punika anggenipun nyemplungaken piyambakipun ing sumur, piyambakipun temtu pejah kaliren wonten ing ngriku! Amargi ing kitha rotinipun sampun telas.”

10. Sang Prabu nuli paring dhawuh marang Ebed-Melekh, wong Etiopia iku, pangandikane: “Ngajaka wong telu, Nabi Yeremia entasna, sadurunge mati!”

11. Ebed-Melekh banjur ngajak wong telu mlebu ing kadhaton ing gudhang sandhangan, papan pasimpenan barang-barang; ana ing kono njupuk sandangan gombal-gombalan lan amoh-amohan, nuli ngudhuni tali marang Nabi Yeremia, kang ana ing sumur iku.

12. Ebed-Melekh, wong Etiopia banjur nguwuh-uwuh marang Nabi Yeremia: “Sandhangan gombal-gombalan lan amoh-amohan punika panjenengan trapaken ing sangandhapipun cangklakan panjenengan, minangka ganjelipun tangsul!” Nabi Yeremia banjur tumindak mangkono.

13. Wong-wong mau banjur narik taline lan ngentasake Nabi Yeremia saka ing sumur. Mangkono dadine Nabi Yeremia manggon tetep ana ing plataraning pajagan.

14. Sang Prabu Zedhekia ndhawuhi wong nyowanake Nabi Yeremia marang ing ngarsane ana ing gapura katelu ing padalemane Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Prabu marang Nabi Yeremia: “Kula badhe miterang satunggaling prakawis dhateng sampeyan, sampun ngantos nutupi satunggal-tunggala dhateng kula!”

15. Atur wangsulane Nabi Yeremia marang Sang Prabu Zedhekia: “Saupami kawula ngaturaken dhateng panjenengan dalem, panjenengan dalem rak badhe mejahi kawula, ta? Saha manawi kawula ngaturi rembag panjenengan dalem mesthi boten kadhahar!”

16. Sang Prabu Zedhekia nuli supaos dhedhemitan marang Nabi Yeremia, pangandikane: “Demi asmanipun Sang Yehuwah ingkang gesang, ingkang maringi nyawa punika dhateng kula sadaya, sampeyan boten badhe kula pejahi lan boten badhe kula pasrahaken dhateng para tiyang ingkang sami ngarah dhateng nyawa sampeyan punika!”

17. Sawuse mangkono Nabi Yeremia nuli matur marang Sang Prabu Zedhekia: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahipun Israel: Manawa sira metoni lan masrahake uripira marang para prawirane ratu ing Babil, nyawanira bakal ingayoman lan kutha iki ora bakal kaobong; sira dalah sakulawarganira bakal lestari urip.

maca bab lengkap Yeremia 38