Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 38:21-28 Kitab Sutji (JAV)

21. Nanging manawi panjenengan dalem boten karsa masrahaken sarira dalem, pangandikanipun Sang Yehuwah makaten, ingkang kadhawuhaken dhateng kawula.

22. Sadaya pawestri ingkang taksih kantun wonten ing kratonipun Sang Nata ing Yehuda badhe kairid medal dhateng sangajengipun para prawiranipun ratu ing Babil, kaliyan nguwuh-uwuh:Kowe dibujuk lan dikalahakedening para mitra-mitramu.Nanging lagi bae sikilmu keblesek ing endhut,wong iku wis padha bali mulih.

23. Sadaya garwa saha para putra dalem sami dipun irid medal dhateng ing sangajengipun tiyang Kasdim. Saha panjenengan dalem piyambak boten badhe saged oncat saking tanganipun, nanging panjenengan dalem badhe kacepeng dening ratu ing Babil. Tuwin kitha punika badhe dipun besmi.”

24. Ing kono pangandikane Sang Prabu Zedhekia marang Nabi Yeremia: “Sampun ngantos wonten tiyang ingkang ngretos rembag punika, supados sampeyan boten pejah.

25. Manawi para pengageng mangretos, bilih kula rembagan kaliyan sampeyan, temtu sami murugi sampeyan sarta wicanten: Kula sampeyan cariyosi, punapa ingkang sampeyan unjukaken dhateng Sang Prabu, saha punapa ingkang dipun pangandikakaken Sang Prabu dhateng sampeyan, sampun ngantos sampeyan tutupi, mindhak sampeyan kula pejahi!

26. Ing ngriku sampeyan wangsulana makaten: Aku ngaturake panyuwunan marang ing ngarsane Sang Prabu, murih aku aja dibalekake marang omahe Yonatan lan banjur mati ana ing kana.”

27. Para panggedhe pancen banjur padha marani lan takon marang Nabi Yeremia, nanging padha diwangsuli plek kayadene piwelinge Sang Prabu. Nabi Yeremia ditogake bae, amarga ora ana rembug kang kebrojol marang sapa-sapa.

28. Mangkono dadine Nabi Yeremia tetep ana ing plataran pajagan, nganti dinane Yerusalem kabedhah.

maca bab lengkap Yeremia 38