Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 38:13-26 Kitab Sutji (JAV)

13. Wong-wong mau banjur narik taline lan ngentasake Nabi Yeremia saka ing sumur. Mangkono dadine Nabi Yeremia manggon tetep ana ing plataraning pajagan.

14. Sang Prabu Zedhekia ndhawuhi wong nyowanake Nabi Yeremia marang ing ngarsane ana ing gapura katelu ing padalemane Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Prabu marang Nabi Yeremia: “Kula badhe miterang satunggaling prakawis dhateng sampeyan, sampun ngantos nutupi satunggal-tunggala dhateng kula!”

15. Atur wangsulane Nabi Yeremia marang Sang Prabu Zedhekia: “Saupami kawula ngaturaken dhateng panjenengan dalem, panjenengan dalem rak badhe mejahi kawula, ta? Saha manawi kawula ngaturi rembag panjenengan dalem mesthi boten kadhahar!”

16. Sang Prabu Zedhekia nuli supaos dhedhemitan marang Nabi Yeremia, pangandikane: “Demi asmanipun Sang Yehuwah ingkang gesang, ingkang maringi nyawa punika dhateng kula sadaya, sampeyan boten badhe kula pejahi lan boten badhe kula pasrahaken dhateng para tiyang ingkang sami ngarah dhateng nyawa sampeyan punika!”

17. Sawuse mangkono Nabi Yeremia nuli matur marang Sang Prabu Zedhekia: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahipun Israel: Manawa sira metoni lan masrahake uripira marang para prawirane ratu ing Babil, nyawanira bakal ingayoman lan kutha iki ora bakal kaobong; sira dalah sakulawarganira bakal lestari urip.

18. Nanging manawa sira ora masrahake uripira marang para prawirane ratu ing Babil, kutha iki bakal dipasrahake marang tangane wong Kasdim, banjur bakal kaobong; sira dhewe bakal ora bisa oncat saka ing tangane.”

19. Sang Prabu Zedhekia nuli ngandika marang Nabi Yeremia: “Kula ajrih dhateng para tiyang Yehuda ingkang sampun sami mbalik tumut tiyang Kasdim punika, temah kula badhe dipun angge gegujengan.”

20. Unjuke Nabi Yeremia: “Prakawis punika boten badhe kelampahan! Kawula aturi miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah menggah prakawis ingkang sampun kawula unjukaken dhateng panjenengan dalem; kawontenan panjenengan dalem badhe sae saha sarira dalem badhe karimatan.

21. Nanging manawi panjenengan dalem boten karsa masrahaken sarira dalem, pangandikanipun Sang Yehuwah makaten, ingkang kadhawuhaken dhateng kawula.

22. Sadaya pawestri ingkang taksih kantun wonten ing kratonipun Sang Nata ing Yehuda badhe kairid medal dhateng sangajengipun para prawiranipun ratu ing Babil, kaliyan nguwuh-uwuh:Kowe dibujuk lan dikalahakedening para mitra-mitramu.Nanging lagi bae sikilmu keblesek ing endhut,wong iku wis padha bali mulih.

23. Sadaya garwa saha para putra dalem sami dipun irid medal dhateng ing sangajengipun tiyang Kasdim. Saha panjenengan dalem piyambak boten badhe saged oncat saking tanganipun, nanging panjenengan dalem badhe kacepeng dening ratu ing Babil. Tuwin kitha punika badhe dipun besmi.”

24. Ing kono pangandikane Sang Prabu Zedhekia marang Nabi Yeremia: “Sampun ngantos wonten tiyang ingkang ngretos rembag punika, supados sampeyan boten pejah.

25. Manawi para pengageng mangretos, bilih kula rembagan kaliyan sampeyan, temtu sami murugi sampeyan sarta wicanten: Kula sampeyan cariyosi, punapa ingkang sampeyan unjukaken dhateng Sang Prabu, saha punapa ingkang dipun pangandikakaken Sang Prabu dhateng sampeyan, sampun ngantos sampeyan tutupi, mindhak sampeyan kula pejahi!

26. Ing ngriku sampeyan wangsulana makaten: Aku ngaturake panyuwunan marang ing ngarsane Sang Prabu, murih aku aja dibalekake marang omahe Yonatan lan banjur mati ana ing kana.”

maca bab lengkap Yeremia 38