Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 38:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Nanging Sefaca bin Matan, Gedalya bin Pasyhur, Yukhal bin Selemya lan Pasyhur bin Malkia padha krungu tembung kang tanpa pedhot diucapake dening Nabi Yeremia marang sakehing wong:

2. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sing sapa manggon ana ing kutha kene bakal mati dening pedhang, kaliren utawa pageblug; nanging sing sapa metu saka kene nemoni bala Kasdim, iku bakal lestari urip, nyawane bakal dadi rayahane lan dheweke lestari urip.

3. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Kutha iki bakal diulungake marang ing tangane balane ratu ing Babil, bakal dibedhah.”

4. Para panggedhe mau nuli padha munjuk marang Sang Prabu: “Saenipun tiyang punika dipun pejahi! Ujer sarana ngucap makaten punika piyambakipun nglemesaken semangatipun para prajurit, ingkang taksih manggen wonten ing kitha ngriki, punapadene semangatipun rakyat sadaya. Sayektos, tiyang punika boten ngudi dhateng karaharjaning bangsa, nanging cilakanipun.”

maca bab lengkap Yeremia 38