Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 35:12-19 Kitab Sutji (JAV)

12. Ing wektu iku Sang Yehuwah paring pangandika marang Nabi Yeremia, mangkene: “Pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel mangkene:

13. Mangkata lan tutura marang wong ing Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem: Apa sira ora tampa piwulang yaiku ngrungokake pangandikaningSun?

14. Pancen, piwelinge Yonadab bin Rekhab iku isih diestokake, yaiku anggone dheweke meling marang tedhak turune, supaya aja ngombe anggur lan tumeka saprene wong iku padha ora ngombe anggur, amarga padha ngestokake marang piwelinge leluhure. Ingsun piyambak tansah ngandikani sira, nanging sira padha ora ngrungokake marang Ingsun.

15. Ingsun wus ngutus marani sira sakehe abdiningSun, yaiku para nabi, tanpa kendhat anggone mituturi: Padha mratobata saka tindak-tandukira kang ala, panggawenira owahana supaya becik, aja ngetutwuri allah liyane lan aja sujud nyembah marang iku, temah sira bakal tetep manggon ana ing tanah kang Sunparingake marang sira lan leluhurira. Nanging sira padha suthik nggatekake lan ngestokake marang Ingsun.

16. Lah, tedhak turune Yonadab bin Rekhab padha setya ngestokake piwelinge para leluhure, nanging bangsa iki wegah ngrungokake marang Ingsun.

17. Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun bakal ndhawahake marang Yehuda lan sakehing wong isine kutha Yerusalem sakehe kasangsaran, kang wus Sunagem ngancam wong-wong iku; amarga Ingsun wus paring pangandika marang para wong iku, nanging padha ora ngrungokake, lan Ingsun wus nimbali wong-wong iku, nanging padha ora mangsuli.”

18. Nanging Nabi Yeremia ngandika marang bani Rekhab: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sarehne sira padha ngestokake marang piwelinge Yonadab, leluhurira, ngukuhi marang sakehing piwelinge, lan tetep padha nglakoni kaya piwelinge marang sira,

19. mulane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel ngandika mangkene: Tedhak turune Yonadab bin Rekhab bakal ora pedhot-pedhot ngladeni Ingsun ing salawas-lawase.”

maca bab lengkap Yeremia 35