Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 31:3-15 Kitab Sutji (JAV)

3. Sang Yehuwah ngatingali aku saka ing kadohan, pangandikane:Ingsun ngasihi sira klawan katresnan kang langgeng,mulane Ingsun nglestarekake sih-susetyaningSun marang sira.

4. Ingsun bakal mbangun sira maneh,temah sira binangun,he putri Israel!Sira bakal ngrerengga awakira maneh kinanthen trebang,lan metu kalawan jejogedan asukarena.

5. Sira bakal gawe kebon anggur manehana ing pagunungan Samaria;dene para wong kang padha gawe ikubakal ngundhuh pametune uga.

6. Lah bakal tumeka ing titi-mangsanepara wong kang jaga bakal padha nguwuh-uwuh ana ing pagunungan Efraim:Payo, padha munggah menyang ing Sionsowan ing ngarsane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita!

7. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Padha surak-suraka tumrap Yakub klawan sukarena,bungah-bungaha ing bab panggedhening para bangsa!Wartakna, memujia lan kandhakna:Sang Yehuwah wus mitulungi umate,yaiku kekarene Israel!

8. Lah, Ingsun bakal ngirid para wong ikusaka ing tanah lor,lan bakal ngumpulake wong-wong iku saka ingponcoting bumi,panunggalane ana kang picak lan lumpuh,ana wonge wadon kang lagi ngandhegbareng karo kumpulane wong kang nglairake anak;baline mrene dadi pasamuwan kang gedhe.

9. Tekane wong-wong iku kambi nangis,Ingsun bakal nganthi wong-wong iku klawan paring panglipur;Ingsun bakal ngirid lakune menyang ing kali-kali, liwat ing dalan kang rata, ana ing kono ora bakal padha kesandhung;amarga Ingsun wus dadi ramane Israel,dene Efraim iku putraningSun pembayun.

10. He para bangsa, padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah,iku undhangna ing tanah-tanah pesisir kang adoh,kandhakna: Panjenengane kang wus mbuyarake Israelkarsa ngempalake manehlan rumeksa kaya pangon marang pepanthaning wedhuse.

11. Amarga Sang Yehuwah wus ngluwari Yakub,wus nebus saka ing tangane wong kang luwih rosa.

12. Mulane bakal padha teka karo surak-surakana ing tenggere Sion,sarta polatane sumringah,marga saka kamirahane Sang Yehuwah,kang arupa gandum, anggur lan lenga,apadene cempe-cempe lan sapi-sapi;uripe bakal kaya taman kang kaoncoran banyu,sarta ora bakal katon nglayung maneh.

13. Ing wektu iku prawan-prawan padha seneng-senengjejogedan asukarenawong anom lan wong tuwa bakal padha sumyak-sumyak.Ingsun bakal nyantuni rudatine dadi kabungahan,nglipur lan mbungahake wong-wong ikusawise padha nandhang prihatin.

14. Ingsun bakal maregi nyawane para imam kalawan kaluberan,umatingSun bakal Sunwaregi kalawan kamirahaningSun.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

15. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Rongokna! Ing Rama keprungu swaraning tangis,tangis kang ngeres-eresi.Rakhel nangisi anak-anake,lumuh linipur jalaran saka anak-anake,amarga wus padha ora ana maneh.

maca bab lengkap Yeremia 31