Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 31:29-33 Kitab Sutji (JAV)

29. Ing wektu iku bakal ora ana wong kang ngucap maneh:Para bapa padha mangan woh mentah,anak-anake padha linu untune,

30. nanging: Saben wong bakal mati marga saka durakane dhewe; saben wong kang mangan woh mentah, untune dadi linu.

31. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, Ingsun bakal damel prajanjian anyar karo wong Israel lan Yehuda,

32. ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

33. Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, -- mangkono pangadikane Sang Yehuwah -- iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.

maca bab lengkap Yeremia 31