Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 31:13-26 Kitab Sutji (JAV)

13. Ing wektu iku prawan-prawan padha seneng-senengjejogedan asukarenawong anom lan wong tuwa bakal padha sumyak-sumyak.Ingsun bakal nyantuni rudatine dadi kabungahan,nglipur lan mbungahake wong-wong ikusawise padha nandhang prihatin.

14. Ingsun bakal maregi nyawane para imam kalawan kaluberan,umatingSun bakal Sunwaregi kalawan kamirahaningSun.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

15. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Rongokna! Ing Rama keprungu swaraning tangis,tangis kang ngeres-eresi.Rakhel nangisi anak-anake,lumuh linipur jalaran saka anak-anake,amarga wus padha ora ana maneh.

16. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Ampeten anggonira nangis,lan ampeten dlewering luh saka ing mripatira,amarga tumrap kangelanira ana ganjarane,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,anak-anakira bakal mulihsaka ing nagaraning mungsuh.

17. Isih ana pangarep-arep tumrap ing besuk kanggo sira,anak-anakira bakal mulih menyang ing tlatahe dhewe,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

18. Ingsun wus miyarsa temenan panangise Efraim:Paduka sampun ngrangket kawula,saha kawula sampun nampeni pangrangket punika,kados pedhet ingkang boten linatih.Kawula mugi Paduka wangsulaken,supados kawula mratobat,amargi Paduka punika Sang Yehuwah,Gusti Allah kawula.

19. Sayektos, sareng kawula mratobat,kawula getun,sareng kawula ngretos menggah badan kawula piyambak,kawula ceblek-ceblek cethik kawula,minangka pratandhaning prihatos,kawula rumaos isin lan wirang,amargi kawula nandhang kanisthaning wekdal nem-neman kawula.

20. Apa Efraim iku dudu putraningSun kang kinasihutawa bocah klangenaningSun?Sabab samangsa Sunwelehake,Ingsun tansah kengetan marang dheweke,marga saka iku panggalihingSun trenyuh,ora kena ora Ingsun mesthi bakal paring piwelas.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

21. Sira ngadegna tugu-tugu ing ratan kanggo sira,lan masanga tandha-tandha dalan,waspadakna dalan gedhe kang temenan,yaiku dalan kang wus sira liwati!Balia, he para kenya Israel,balia menyang ing kutha-kuthanira kene!

22. He bocah wadon kang wangkot,isih pira suwene anggonira monga-mangu?Amarga Sang Yehuwah nitahake kang anyar ana ing bumi:wong wadon ngrangkul wong lanang.”

23. Pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, mangkene: “Samangsa Ingsun wus mulihake kaanane para wong iku, wong bakal ngucapake tetembungan iki maneh ana ing tanah Yehuda lan ing kutha-kuthane:He papan panggonaning kabeneran,he gunung kang suci,Sang Yehuwah muga mberkahana sira!

24. Yehuda dalah sakabehe kutha-kuthane bakal tetep lestari ana ing prenahe, apadene para wong tani, para kang nglembara klawan pepanthaning kewane.

25. Amarga Ingsun bakal damel segere wong kang sayah, lan wong kang ngenes bakal Sunwaregi.”

26. Mulane aku tangi lan ndeleng; anggonku turu kapenak.

maca bab lengkap Yeremia 31