Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 3:9-17 Kitab Sutji (JAV)

9. Anggone laku jina kang marga saka sembranane iku njalari nagara dadi najis, malah banjur bebedhangan kalawan nyembah watu lan kayu.

10. Uga kalawan tumindake kabeh kang mangkono iku Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora mbaleni Ingsun kanthi gumolonging atine, nanging mung lelamisan, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

11. Lan Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Israel, wong wadon murtad iku satemene luwih jujur tinimbang Yehuda, wong wadon kang ora setya iku.

12. Sira lungaa mangalor lan nguwuh-uwuha mangkene:He Israel, wong wadon kang murtad, muliha!-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --WedananingSun ora bakal rengu marang sira,amarga Ingsun iki ambek sihmirma-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah,ora bakal mbendoni ing salawase.

13. Mung bae sira ngakonana dosanira,manawa sira wus cidra marang Sang Yehuwah, Gusti Allahira,lan wus ngesokake katresnaniramarang para wong ngamanca ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel,lan ora nilingake suwaraningSun!,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

14. He bocah-bocah kang padha murtad, muliha, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- amarga Ingsun iku gustinira! Ingsun bakal mundhut sira saka angger kutha wong siji, saka saben kulawarga wong loro lan bakal ngirid sira menyang ing Sion.

15. Ingsun bakal milih pangon-pangon kang cocog karo panggalihingSun kang bakal ngengon sira kabeh kanthi kawruh lan pangreten.

16. Manawa ing nalika iku sira tangkar-tumangkar dadi akeh lan padha bebranahan ana ing tanah kene, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- pethining prajanjiane Sang Yehuwah ora bakal diucapake maneh. Prakara iku ora bakal tuwuh ana ing sajroning ati maneh lan wus ora bakal dieling-eling dening wong maneh; wong wus ora ngupaya lan yasa maneh.

17. Ing wektu iku Yerusalem bakal sinebut dhampare Sang Yehuwah, lan sakehing bangsa bakal padha nglumpuk ana ing kono, demi asmane Sang Yehuwah, ana ing Yerusalem, lan bakal padha ora tumindak manut atine kang ala.

maca bab lengkap Yeremia 3