Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 3:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane:“Manawa ana wong megat rabine,wong wadon mau banjur lunga ninggal dhewekelan dadi rabine wong liya,apa iya bojone kang dhisikmau mbaleni wong wadon iku?Nagara iku rak wus tetep najis?Sira wus laku jina karo bedhangan akehlan nedya ngulihi Ingsun? -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

2. Tumengaa marang tengger-tengger kang mblindhis lan sawangen!Ana ing ngendi sira ora tau diajak sapaturon?Ana ing pinggir ratan-ratan sira lungguh ngadhang bedhangan,kaya wong Arab ana ing ara-ara samun.Sira wus najisake nagara kalawan anggonira laku jinalan kalawan pialanira.

3. Mulane deresing udan cinegahlan udan kiriman ora tumiba.Nanging bathukira iku bathuke wong wadon tuna-susila,sira ora idhep isin.

4. Lagi bae sira rak nyebut Ingsun: Rama kawula!Paduka punika mitra kawula wiwit alit mila!

5. Panjenengane rak ora bakal duka salawaseutawa ngincim-incim aku ing salawase?Mangkono ucapira, ewadene ing sabisa-bisa siranindakake piala.”

6. Sang Yehuwah ngandika marang aku, nalika jumenenge Sang Prabu Yosia: “Apa sira wus nyipati apa kang dilakoni Israel, wong wadon murtad iku, kang munggah menyang ing angger gunung kang munggul lan menyang ing sangisore saben wit kang nggrembel, nuli laku jina ana ing kono?

7. PanggalihingSun: Sawise nglakoni iku mau kabeh, bakal ngulihi Ingsun, nanging ora bali. Prakara iku disumurupi Yehuda, sadulure wadon kang ora setya.

8. Disumurupi, manawa marga saka anggone laku jina Ingsun wus megat Israel, kang murtad iku lan Sunparingi layang pegat; sanadyan mangkono Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora wedi, nanging malah uga banjur laku jina.

9. Anggone laku jina kang marga saka sembranane iku njalari nagara dadi najis, malah banjur bebedhangan kalawan nyembah watu lan kayu.

10. Uga kalawan tumindake kabeh kang mangkono iku Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora mbaleni Ingsun kanthi gumolonging atine, nanging mung lelamisan, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

11. Lan Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Israel, wong wadon murtad iku satemene luwih jujur tinimbang Yehuda, wong wadon kang ora setya iku.

12. Sira lungaa mangalor lan nguwuh-uwuha mangkene:He Israel, wong wadon kang murtad, muliha!-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --WedananingSun ora bakal rengu marang sira,amarga Ingsun iki ambek sihmirma-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah,ora bakal mbendoni ing salawase.

13. Mung bae sira ngakonana dosanira,manawa sira wus cidra marang Sang Yehuwah, Gusti Allahira,lan wus ngesokake katresnaniramarang para wong ngamanca ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel,lan ora nilingake suwaraningSun!,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeremia 3