Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 26:12-19 Kitab Sutji (JAV)

12. Nanging Nabi Yeremia nuli ngandika marang para panggedhe lan rakyat kabeh: “Sang Yehuwah ingkang ngutus kula kadhawuhan meca bab padaleman lan kitha punika, supados ndumugekaken sadaya pangandika ingkang sami panjenengan piyarsakaken punika.

13. Milanipun sami kula aturi ngewahi tindak-tanduk tuwin pandamel panjenengan, saha sami midhangetna pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, temah Sang Yehuwah lajeng keduwung ing bab bilai ingkang dipun rancang tumrap panjenengan.

14. Nanging menggah kula, kula punika wonten ing asta panjenengan, inggih sumangga, kula kapatrapana, punapa ingkang panjenengan galih sae lan leres.

15. Namung kemawon mugi panjenengan uningani sayektos, bilih panjenengan mejahi kula punika, ateges panjenengan ngwutahaken rahipun tiyang ingkang resik, punika tumempuh dhateng panjenengan, saha dhateng kitha punika dalah ingkang manggen ing kitha punika, amargi Sang Yehuwah sayektos ngutus kula dhateng panjenengan ndumugekaken sadaya pangandika punika.”

16. Para panggedhe lan rakyat kabeh banjur pratela marang para imam lan para nabi: “Tiyang punika boten samesthinipun kapatrapan paukuman pejah, amargi piyambakipun wicanten dhateng kita atas asmanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”

17. Para tetuwane nagara pancen ana sawatara kang padha maju lan ngandhani marang rakyat kang nglumpuk iku, tembunge:

18. “Nalika jamanipun Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda wonten tiyang, namanipun Mikha, tiyang Moresyet, ingkang sampun meca saha cariyos dhateng bangsa Yehuda sadaya, tembungipun: Pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados makaten:Sion bakal diwluku kaya pategalan,lan Yerusalem bakal dadi jugrugan,sarta gununging Padaleman Suci bakal dadi gunung kang ana alase.

19. Punapa Sang Prabu Hizkia, raja ing Yehuda lan sakathahipun tiyang Yehuda lajeng mejahi piyambakipun? Piyambakipun rak ngabekti dhateng Sang Yehuwah, satemah nunten nyuwun sih-piwelasipun Sang Yehuwah, mugi Sang Yehuwah kaduwunga ing bab bilai ingkang kaancamaken dhateng para leluhur kita. Lah sapunika kita, punapa kita badhe ndhatengaken bilai ingkang ageng sanget punika dhateng badan kita piyambak?”

maca bab lengkap Yeremia 26