Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 26:10-15 Kitab Sutji (JAV)

10. Bareng para panggedhene Yehuda padha krungu prakara iku, banjur padha mangkat saka ing kraton menyang ing padalemane Sang Yehuwah sarta lenggah ana ing gapura anyar ing padalemane Sang Yehuwah.

11. Para imam lan para nabi nuli padha pratela marang para panggedhe lan rakyat kabeh, tembunge: “Tiyang punika kedah kapatrapan paukuman pejah, amargi meca bab kitha ngriki kados ingkang sami panjenengan piyarsakaken piyambak.”

12. Nanging Nabi Yeremia nuli ngandika marang para panggedhe lan rakyat kabeh: “Sang Yehuwah ingkang ngutus kula kadhawuhan meca bab padaleman lan kitha punika, supados ndumugekaken sadaya pangandika ingkang sami panjenengan piyarsakaken punika.

13. Milanipun sami kula aturi ngewahi tindak-tanduk tuwin pandamel panjenengan, saha sami midhangetna pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, temah Sang Yehuwah lajeng keduwung ing bab bilai ingkang dipun rancang tumrap panjenengan.

14. Nanging menggah kula, kula punika wonten ing asta panjenengan, inggih sumangga, kula kapatrapana, punapa ingkang panjenengan galih sae lan leres.

15. Namung kemawon mugi panjenengan uningani sayektos, bilih panjenengan mejahi kula punika, ateges panjenengan ngwutahaken rahipun tiyang ingkang resik, punika tumempuh dhateng panjenengan, saha dhateng kitha punika dalah ingkang manggen ing kitha punika, amargi Sang Yehuwah sayektos ngutus kula dhateng panjenengan ndumugekaken sadaya pangandika punika.”

maca bab lengkap Yeremia 26