Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 25:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Ewadene sira padha ora manut marang dhawuhingSun. -- Mangkono pangadikane Sang Yehuwah --, temah gawe gerahing panggalihingSun srana gegaweane tanganira, njalari bilainira dhewe.

8. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: Sarehne sira ora ngrungokake pangandikaningSun,

9. lah Ingsun bakal nimbali sakehe para umat saka ing tanah lor -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, lan dhawuh marang Nebukadnezar, raja ing Babil, abdiningSun iku; Ingsun bakal nekakake para wong iku nglurugi nagara kene, wong-wonge kang padha manggon lan bangsa-bangsa ing sakubenge, kang bakal padha Suntumpes, Sundadekake pagiris, dadi lesaning panacad lan dadi ludhesan ing salawase.

10. Ingsun bakal nyingkirake swaraning kasenengan lan kabungahan, sabawaning penganten lanang lan wadon, kumrusuking gilingan lan padhanging damar.

11. Saindenging nagara iki banjur bakal dadi jugrugan lan bera sarta bangsa iki bakal ngawula marang raja ing Babil pitung puluh taun lawase.

12. Nuli sawuse genep pitung puluh taun, Ingsun bakal males raja ing Babil lan bangsa iku, apadene nagarane para wong Kasdim, sarana Sundadekake papan-papan kang cengkar ing salawase, marga saka kaluputane. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

13. Ingsun bakal ndhawahake marang nagara iki, kabeh kang wus Sundhawuhake tumrap nagara iki, yaiku: kabeh kang tinulis ana ing kitab iki, kayadene kang wus kawecakake dening Yeremia ing ngatase bangsa iku kabeh.

maca bab lengkap Yeremia 25