Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 25:16-29 Kitab Sutji (JAV)

16. supaya iku padha ngombea, nganti sempoyongan lan bingung marga saka pedhang, kang bakal Suntamakake ana ing satengahe.

17. Aku banjur nampani tuwung iku saka ing astane Sang Yehuwah, sarta ngombekake marang para bangsa kang dadi tujuane anggonku kautus dening Sang Yehuwah,

18. yaiku marang kutha Yerusalem lan kutha-kuthane Yehuda, dalah para raja lan panggedhene, supaya iki kabeh dadia jugrugan, padha garing lan dadi lesaning panacad sarta ipat-ipat, kayadene kang kelakon ing dina iki;

19. marang Pringon, ratu ing tanah Mesir dalah para punggawane, para panggedhene lan sakehe kawulane.

20. Mangkono uga marang bangsa campurane bangsa warna-warna, para ratu ing tanah Us; para raja ing tanah Filisti, yaiku ing Askelon, Gaza, Ekron lan para wong kekarene kang ana ing Asdod;

21. ing Edom, Moab lan bani Amon;

22. marang sakehe raja ing Tirus lan Sidon sarta para raja ing tanah pasisir ing sabrange segara,

23. marang Dedan, Tema, Bus lan sakehe wong kang cukur rambute ing pinggir mubeng,

24. marang sakehe raja ing tanah Arab, kang manggon ana ing ara-ara samun;

25. marang sakehe para raja ing Zimri, ing Elam lan ing Madhai;

26. marang sakehe raja saka ing tanah lor, kang cedhak lan kang adoh, baka siji, apadene marang sakehe karajan donya kang ana ing salumahing bumi, uga raja ing Sesakh bakal ngombe sawuse wong-wong mau.

27. Para wong mau nuli padha sira kandhanana mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel mangkene: Sira padha ngombea nganti mendem lan mutah-mutah. Padha ambruka, aja nganti tangi maneh! Marga saka pedhang kang bakal Suntamakake ana ing tengahira!

28. Nanging manawa padha ora gelem nampani tuwung iku saka ing tanganira supaya diombe, nuli sira kandhanana mangkene: Sabdane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi mangkene: Sira kudu ngombe!

29. Amarga kutha kang sinebut manut asmaningSun iku, bakal wiwit Sundhawahi wewelak; apa sira bisa oncat saka paukuman? Sira padha ora bakal bisa oncat saka paukuman, amarga Ingsun wus ngagagake pedhang marang sakehing wong ing salumahing bumi. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi --.

maca bab lengkap Yeremia 25