Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 25:11-20 Kitab Sutji (JAV)

11. Saindenging nagara iki banjur bakal dadi jugrugan lan bera sarta bangsa iki bakal ngawula marang raja ing Babil pitung puluh taun lawase.

12. Nuli sawuse genep pitung puluh taun, Ingsun bakal males raja ing Babil lan bangsa iku, apadene nagarane para wong Kasdim, sarana Sundadekake papan-papan kang cengkar ing salawase, marga saka kaluputane. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

13. Ingsun bakal ndhawahake marang nagara iki, kabeh kang wus Sundhawuhake tumrap nagara iki, yaiku: kabeh kang tinulis ana ing kitab iki, kayadene kang wus kawecakake dening Yeremia ing ngatase bangsa iku kabeh.

14. Amarga wong iku uga bakal padha dadi kawulane bangsa akeh lan para raja kang agung, tuwin Ingsun bakal matrapi para wong iku kang laras karo polah-tingkahe lan panggawene.”

15. Pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang aku mangkene: “Tampanana tuwung kang isi anggur bentering bebenduningSun iki saka astaningSun, nuli ombekna marang sakehe para bangsa kang dadi tujuane anggoningSun ngutus sira,

16. supaya iku padha ngombea, nganti sempoyongan lan bingung marga saka pedhang, kang bakal Suntamakake ana ing satengahe.

17. Aku banjur nampani tuwung iku saka ing astane Sang Yehuwah, sarta ngombekake marang para bangsa kang dadi tujuane anggonku kautus dening Sang Yehuwah,

18. yaiku marang kutha Yerusalem lan kutha-kuthane Yehuda, dalah para raja lan panggedhene, supaya iki kabeh dadia jugrugan, padha garing lan dadi lesaning panacad sarta ipat-ipat, kayadene kang kelakon ing dina iki;

19. marang Pringon, ratu ing tanah Mesir dalah para punggawane, para panggedhene lan sakehe kawulane.

20. Mangkono uga marang bangsa campurane bangsa warna-warna, para ratu ing tanah Us; para raja ing tanah Filisti, yaiku ing Askelon, Gaza, Ekron lan para wong kekarene kang ana ing Asdod;

maca bab lengkap Yeremia 25