Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 25:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandika kang kadhawuhake marang Nabi Yeremia bab sakehe wong Yehuda, nalika jumenenge Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda wus nyandhak patang taune, yaiku nalika ing taun kawitan jumenenge Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil.

2. Pangandika mau kadhawuhake dening Nabi Yeremia marang sakehe wong ing Yehuda lan sakehe wong ing kutha Yerusalem, mangkene wirasane:

3. “Wiwit nalika jumenenge Sang Prabu Yosia bin Amon, ratu ing Yehuda wus nyandhak telulas taune tumeka ing dina iki, dadi wus oleh telulikur taun anggonku kadhawuhan pangandikane Sang Yehuwah iku, lan ora kendhat-kendhat anggonku mituturi marang kowe, nanging kowe ora gelem ngrungokake.

4. Mangkono maneh Sang Yehuwah tansah ngutus para abdine, yaiku para nabi, nanging kowe padha ora manut sarta ora nggatekake.

5. Pangandikane para nabi mau mangkene: Padha mratobata saka polah-tingkah lan pokal gawemu, kang ala; kowe bakal padha tetep manggon ana ing tanah kang diparingake dening Sang Yehuwah marang kowe lan para leluhurmu ing salawas-lawase.

6. Aja ngetut-buri marang allah liyane, aja kokbekteni lan koksujudi. Sira aja gawe gerahing panggalihingSun sarana gegaweane tanganira, supaya Ingsun aja nganti nekakake bilai marang sira.

7. Ewadene sira padha ora manut marang dhawuhingSun. -- Mangkono pangadikane Sang Yehuwah --, temah gawe gerahing panggalihingSun srana gegaweane tanganira, njalari bilainira dhewe.

8. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: Sarehne sira ora ngrungokake pangandikaningSun,

maca bab lengkap Yeremia 25