Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 24:7-10 Kitab Sutji (JAV)

7. Bakal Sunparingi ati kang wanuh marang Ingsun, yaiku manawa Ingsun iku Yehuwah. Wong iku bakal padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe, amarga bakal padha mratobat marang Ingsun kanthi gumolonging atine.

8. Nanging kayadene woh anjir kang elek kang marga saka eleke nganti ora kena dipangan iku -- pangandikane Sang Yehuwah mangkene: -- Iya kaya mangkono anggoningSun bakal tumindak ing ngatase Zedhekia, ratu ing Yehuda, dalah para panggedhene, sarta kekarene wong ing Yerusalem, kang isih ana ing nagara kene apadene para wong kang manggon ana ing nagara Mesir.

9. Ingsun bakal damel para wong iku dadi pangewan-ewan tumrap sakehing krajan ing bumi, dadi cacadan lan pocapan, dadi poyokan lan ipat-ipat ana ing sakehing panggonan, anggoningSun mbuyarake.

10. Sarta Ingsun bakal ndhatengake perang, pailan lan pageblug marang wong-wong iku, nganti padha kasirnakake babar pisan saka ing tanah peparingingSun marang wong-wong iku lan marang para leluhure.”

maca bab lengkap Yeremia 24