Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 2:17-31 Kitab Sutji (JAV)

17. Rak sira dhewe kang njalari sira ketamankang kaya mangkono iku,amarga sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira,nalika Panjenengane ngirid sira ana ing dedalan?

18. Lah saiki, apa oleh-olehanira anggonira lunga menyang ing Mesir,apa arep ngombe banyune bengawan Nil?Lan apa bathinira anggonira lunga menyang ing Asyur,apa arep ngombe banyune bengawan Efrat?

19. Pialanira bakal ngrangket sira,lan pamurtadira bakal nyiksa sira!Wruhanira lan waspadakna, sapira ala lan perihesira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira iku;sarta ora gumeter wedi marang Ingsun,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.

20. Amarga wiwit biyen mula anggonira mutungi pasanganiralan medhoti talining cancanganira,sarta kandha: Aku emoh ngawula maneh.Malah ana ing saben tetengger kang munggul,lan ana ing sangisoring wit kang ngrembuyung,sira teturon lan laku jina.

21. Ewadene sira Suntuwuhake dadi wit anggur pilihan,lan dadi wiji kang murni satuhu.Yagene ta, dene sira kok malih dadi wit kang mambu penguk,dadi wit anggur alasan!

22. Malah, sanadyan sira adusa ing banyu landhalan nganggo sabun akeh,ewadene blentonging kaluputanira ora ilangana ing paningalingSun,mangkono pangandikane Gusti Allah.

23. Kapriye dene sira kok wani ngucap: Aku ora tau najisake awakku,aku ora tau ngetutwuri para Baal?Delengen tindak-tandukira ana ing lebak,kawruhana apa kang wus sira lakoni;he, unta wadon kang cancingan lan mloya-mlayu mrana-mrene,

24. kang mbedhal mlayu menyang ing ara-ara samun,amarga kepengin ngisis!Sapa kang bisa ngampah anggone kasmaran?Kabeh kang nggoleki dheweke, ora prelu rekasa,bakal padha ketemu ing mangsa jejodhoan.

25. Jaganen, supaya sikilira aja nganti ora nganggo trumpah,lan gorokanira aja nganti kasatan!Nanging sira ngucap: Tanpa gina! Tanpa gina!Amargi kawula remen dhateng tiyang-tiyang ngamanca,mila kawula badhe ngetutwingking tiyang-tiyang punika.

26. Kayadene wiranging maling kang konangan,mangkono anggone turune Israel kawirangan,yaiku para ratune, panggedhene, para imame lan nabine,

27. kang celathu marang kayu satengkel:Panjenengan punika bapak kula!lan marang watu: Panjenengan punika ingkang nglairaken kula!Sanyata, padha nyingkur marang Ingsun temenanlan ora ngadhepake raine marang Ingsun,nanging baereng katempuh ing bebaya, nuli matur:Paduka mugi karsaa mitulungi kawula!

28. Ana ngendi para allahira, kang sira gawe kanggo awakira dhewe iku?Cikben padha tangi, yen bisa mitulungi sira,ing wektu sira nemu bilai.He Yehuda, marga kayadene kehing kuthanira,iya samono iku uga kehing allahira!

29. Apa prelune sira arep bebantahan kalawan Ingsun?Sira kabeh wus padha nyidrani Ingsun,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

30. Tanpa guna anggoningSun nggebagi anak-anakira,pamerdi ora digapepedhangira dhewe wus mangsa para nabinira nganti entek,kaya singa nom kang nyenyempal.

31. Sira iku tedhak turune sapa?Gatekna dhawuh pangandikane Sang Yehuwah!Apa Ingsun wus dadi ara-ara samun tumrap Israelutawa tanah kang peteng ndhedhet?Yagene umatingSun kok ngucap: Kawula sampun mardika,kawula sami boten purun sowan malih dhateng ing ngarsa Paduka?

maca bab lengkap Yeremia 2