Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 2:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “Mangkata ngandhanana wong saisining Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Ingsun kengetan marang katresnanira ing wektu nom-nomanira,marang katresnanira nalika sira dadi temanten,anggonira ngetutwuri Ingsun ana ing ara-ara samun,ing tanah kang ora ana tetuwuhane.

3. Ing nalika samana Israel dadi sesengkerane Sang Yehuwah,minangka woh kawitan saka panenane.Sakehe wong kang mangan mesthi kaluputan,tinempuh ing bilai,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

4. He tedhak turune Yakub, rungokna pangandikane Sang Yehuwah,he sakehe kulawargane tedhak turune Israel.

5. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Para leluhurira ngalami kaculikan apa saka Ingsundene padha ngedohi Ingsun,lan banjur ngetutwuri dewa kang tanpa paedahtemah padha ora oleh apa-apa?

6. Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah,kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir;kang nganthi kita ana ing ara-ara samun,ing tanah kang cengkar lan legak-legok,ing tanah kang luwih dening garing lan peteng,ing tanah kang ora diambah ing wonglan ora didunungi ing manungsa?

7. Sira wus Sunirid menyang ing tanah kang loh,supaya ngrasakna wohe lan sapametune kabehkang becik saka ing kono.Nanging bareng sira wus lumebu ing tanahingSun,iku sira najisake,tanah kagunganingSun sira dadekake jejember.

8. Para imam ora takon maneh:Sang Yehuwah ana ing ngendi?Para wong kang nyekel angger-angger wus ora wanuh marang Ingsun maneh,lan para pangon padha nyingkur Ingsun.Para nabi padha memeca demi Baal,padha ngetutwuri marang kang tanpa guna.

9. Mulane Ingsun bakal prakaran maneh kalawan sira kabeh,lan karo anak putunira Ingsun bakal prakaran,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

10. Nyabranga bae menyang ing tanah pesisire wong Kitim lan sawangen;kongkonana wong menyang ing Kedar lan gatekna temenan!Setitekna apa ana kang kelakon kaya mangkene iki!

11. Apa ana bangsa kang ngijolake allahe,sanadyan iku satemene dudu allah?Nanging umatingSun padha ngijolake Kaluhuranekaro kang ora ana gunane.

12. He langit, kaebatana marga saka kang kaya mangkono iku,ndhredhega lan gumetera kang luwih banget,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

13. Amarga umatingSun nglakoni dosa kaping pindho:padha nyingkur Ingsun,kang dadi tuking banyu urip,nedya ndhudhuk blumbang kanggo awake dhewe,yaiku blumbang kang borot, kang ora bisa madhahi banyu.

maca bab lengkap Yeremia 2