Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 19:11-15 Kitab Sutji (JAV)

11. Wong iku nuli padha sira dhawuhana mangkene: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Ingsun bakal ngepruk bangsa lan kutha iki kayadene pangepruke kundhi marang grabahe, temah ora bisa didandani maneh. Tofet bakal dadi kuburan, amarga wus ora ana panggonan liyane maneh kanggo ngubur.

12. Kaya mangkono iku kang bakal Suntandukake marang panggonan lan isine kutha iki. -- Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah -- Ingsun bakal ndadekake kutha iki kaya Tofet.

13. Omah-omah ing Yerusalem lan omah-omahe para raja ing Yehuda iku bakal Sundadekake jember kaya Tofet, yaiku sakehe omah kang payone kanggo ngobong kurban marang sakehe balatantraning langit lan kanggo ngesokake sesajen omben-omben marang para allah liyane.”

14. Sakondure Nabi Yeremia saka Tofet anggone kautus dening Sang Yehuwah, supaya memeca, panjenengane banjur jumeneng ana ing plataraning padalemane Sang Yehuwah, lan ngandika marang wong akeh mangkene:

15. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun bakal ndhatengake ana ing kutha kene lan kutha-kutha ing sakiwatengene sakehing bilai kang wus Sungandikakake, yen bakal nempuh wong-wong iki, amarga padha nekad mbangkang lan ora ngrungokake marang pangandikaningSun.”

maca bab lengkap Yeremia 19