Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 16:9-21 Kitab Sutji (JAV)

9. Awit Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, ngandika mangkene: “Lah ana ing panggonan kene, ana ngareping mripatira lan ing jamanira, Ingsun bakal ngandhegake sabawaning wong bungah-bungah lan suka-parisuka, apadene sabawaning penganten lanang lan wadon.

10. Samangsa sira ndhawuhake iki mau kabeh marang bangsa iki lan banjur padha takon marang sira mangkene: Punapa sababipun dene Sang Yehuwah kok ndhawuhaken bilai ingkang ageng punika tumrap kula sadaya? Punapa kalepatan kula lan dosa punapa ingkang kula lampahi wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kula?,

11. ing kono padha sira dhawuhana mangkene: Amarga para leluhurira wus padha nyingkur Ingsun, lan wus padha ngetutwuri allah liyane klawan ngibadah lan sujud nyembah marang iku, wus padha nyingkur marang Ingsun lan ora netepi angger-anggeringSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

12. Lan sira dhewe wus padha nglakoni kang alane ngluwihi leluhurira! Lah sira wus nuruti tekade atinira kang ala, sarta ora ngrungokake dhawuhingSun.

13. Mulane Ingsun bakal mbuwang sira saka ing nagara iki menyang ing nagara, kang ora sira sumurupi lan iya durung disumurupi leluhurira. Ana ing kana sira bakal ngabekti marang allah liyane rina-wengi, amarga Ingsun ora bakal paring sih-piwelas marang sira maneh.

14. Mulane lah bakal tumeka ing wektune wus ora ana tembung mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,

15. nanging kasalinan: Demi Sang Yehuwah agesang, kang nganthi bangsa Israel metu saka ing tanah lor lan saka ing sakehing nagara, ing ngendi tibane anggone Sang Yehuwah mbuyarake, marga bakal Sunulihake menyang ing tanah, kang Sunparingake marang para leluhure.

16. Lah Ingsun bakal nimbali juru amek iwak akeh, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, kang bakal nyekeli wong iku. Sawuse iku Ingsun ndhawuhi grema akeh kang mbujung wong iku saka ing sakehe gunung-gunung lan tengger-tengger sarta saka ing lowah-lowahing parang.

17. Amarga Ingsun wus nguningani polah-tingkahe kabeh; iku kabeh Ingsun ora kesamaran lan dosane ora kaling-kalingan ana ing paningalingSun.

18. Mulane kaluputan lan dosane bakal Sunukum tikel loro, amarga padha njemberake nagaraningSun klawan bangke-bangkening para dewa, kang ngregedi lan ngebaki tanahingSun klawan pokale kang rusuh.”

19. Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan beteng kawula,pangungsen kawula ing dinten karibedan!Para bangsa saking poncoting bumisami badhe sowan ing ngarsa Padukalan munjuk makaten:“Sayektos, leluhur kawula punika namung ndarbeni dewaning para cidra,dewa ingkang tanpa paedah,ingkang satunggal kemawon boten wonten ingkang migunani.

20. Punapa manungsa saged damel allah kangge badanipun piyambak?Ingkang kados makaten punika rak sanes allah!”

21. “Mulane kawruhana, Ingsun bakal paring sumurup marang para wong iku,sapisan iki Ingsun bakal paring sumurup bab panguwaoslan kasantosaningSun marang para wong iku,supaya padha ngretia, yen asmaningSun Sang Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeremia 16