Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 16:7-15 Kitab Sutji (JAV)

7. uga ora ana kang nyuwil-nyuwil roti palayadan kagawe nglipur wong kang kepaten. Malah ora ana kang ngulungi tuwung panglipur marang dheweke, marga kepaten bapa utawa biyunge.

8. Aja lumebu ing omahe wong ropyan-ropyan sumedya njagongi, melu mangan lan ngombe karo wong iku.

9. Awit Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, ngandika mangkene: “Lah ana ing panggonan kene, ana ngareping mripatira lan ing jamanira, Ingsun bakal ngandhegake sabawaning wong bungah-bungah lan suka-parisuka, apadene sabawaning penganten lanang lan wadon.

10. Samangsa sira ndhawuhake iki mau kabeh marang bangsa iki lan banjur padha takon marang sira mangkene: Punapa sababipun dene Sang Yehuwah kok ndhawuhaken bilai ingkang ageng punika tumrap kula sadaya? Punapa kalepatan kula lan dosa punapa ingkang kula lampahi wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kula?,

11. ing kono padha sira dhawuhana mangkene: Amarga para leluhurira wus padha nyingkur Ingsun, lan wus padha ngetutwuri allah liyane klawan ngibadah lan sujud nyembah marang iku, wus padha nyingkur marang Ingsun lan ora netepi angger-anggeringSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

12. Lan sira dhewe wus padha nglakoni kang alane ngluwihi leluhurira! Lah sira wus nuruti tekade atinira kang ala, sarta ora ngrungokake dhawuhingSun.

13. Mulane Ingsun bakal mbuwang sira saka ing nagara iki menyang ing nagara, kang ora sira sumurupi lan iya durung disumurupi leluhurira. Ana ing kana sira bakal ngabekti marang allah liyane rina-wengi, amarga Ingsun ora bakal paring sih-piwelas marang sira maneh.

14. Mulane lah bakal tumeka ing wektune wus ora ana tembung mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,

15. nanging kasalinan: Demi Sang Yehuwah agesang, kang nganthi bangsa Israel metu saka ing tanah lor lan saka ing sakehing nagara, ing ngendi tibane anggone Sang Yehuwah mbuyarake, marga bakal Sunulihake menyang ing tanah, kang Sunparingake marang para leluhure.

maca bab lengkap Yeremia 16