Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 16:14-19 Kitab Sutji (JAV)

14. Mulane lah bakal tumeka ing wektune wus ora ana tembung mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,

15. nanging kasalinan: Demi Sang Yehuwah agesang, kang nganthi bangsa Israel metu saka ing tanah lor lan saka ing sakehing nagara, ing ngendi tibane anggone Sang Yehuwah mbuyarake, marga bakal Sunulihake menyang ing tanah, kang Sunparingake marang para leluhure.

16. Lah Ingsun bakal nimbali juru amek iwak akeh, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, kang bakal nyekeli wong iku. Sawuse iku Ingsun ndhawuhi grema akeh kang mbujung wong iku saka ing sakehe gunung-gunung lan tengger-tengger sarta saka ing lowah-lowahing parang.

17. Amarga Ingsun wus nguningani polah-tingkahe kabeh; iku kabeh Ingsun ora kesamaran lan dosane ora kaling-kalingan ana ing paningalingSun.

18. Mulane kaluputan lan dosane bakal Sunukum tikel loro, amarga padha njemberake nagaraningSun klawan bangke-bangkening para dewa, kang ngregedi lan ngebaki tanahingSun klawan pokale kang rusuh.”

19. Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan beteng kawula,pangungsen kawula ing dinten karibedan!Para bangsa saking poncoting bumisami badhe sowan ing ngarsa Padukalan munjuk makaten:“Sayektos, leluhur kawula punika namung ndarbeni dewaning para cidra,dewa ingkang tanpa paedah,ingkang satunggal kemawon boten wonten ingkang migunani.

maca bab lengkap Yeremia 16