Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 13:17-27 Kitab Sutji (JAV)

17. Manawa kowe padha lumuh ngrungokake,aku bakal nangis ana ing pasingidan marga saka gumunggungmu,luhku bakal kembeng-kembeng,malah nganti crocosan,jalaran pepanthaning wedhuse Sang Yehuwahdigiring dadi boyongan.

18. Sira matura marang Sang Prabu lan Sang Prameswari Ibu mangkene:“Kawula aturi lenggah ing papan ingkang andhap piyambak,amargi makuthaning kaluhuran paduka sampun rentah saking mastaka paduka!”

19. Kitha-kitha ing Tanah Negeb sampun dipun inebaken gapuranipun,lan boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ngengakaken.Yehuda sampun kabucal sadayakabandhang dhateng pambucalan sadaya.

20. He Yerusalem, awasna lan sawangenana wong kang padha teka saka lor!Ana ing ngendi pepanthan kewan kang diwenehake marang kowe,sarta wedhus-wedhus kang dadi kaluhuranmu?

21. Kapriye kandhamu, samangsa wong-wong kang kokanggep dadi dhemenanmu,dijunjung dadi panggedhemu?Apa kowe ora katrajang larakaya pasambate wong wadon kang lagi nglarani?

22. Lan samangsa ana pitakon kang tuwuh ana ing atimu:“Yagene aku kataman kang kaya mangkene iki kabeh?”Amarga saka gedhening durakamu,mulane poncoting tapihmu dibiyak lan kowe dirodapeksa!

23. Wong Etiopia apa bisa salin warna.utawa macan tutul apa bisa ngowahi tutule?He wong kang wus kepatuh gawe dosa,apa kowe bisa tumindak becik?

24. Ingsun bakal ngabul-abul sira kaya mrambut,kang kabur ing angin ana ing ara-ara samun.

25. Yaiku kang dadi nasibira, pandumanira,kang wus Suntimbang tumrap sira,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --amarga sira lali marang Ingsunlan mituhu marang dora-cara.

26. Dene Ingsun uga bakal nyilakake poncotingtapihira nganti tekan rainira,temah katon kawiranganira.

27. Anggonira laku jina lan pangringikira,pamblunthahira kang rusuhana ing gunung-gunung lan ing ara-ara,Ingsun wus nguningani polah-tingkahira kang nistha iku.He Yerusalem, cilaka sira iku,nganti pira suwene maneh anggonira dadi suci?

maca bab lengkap Yeremia 13