Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 7:13-23 Kitab Sutji (JAV)

13. Amarga kang adol ora bakal mbaleni dodolane, sanadyan bokmanawa isih urip, sabab bebendu kang murub tumempuh marang sagolongane kabeh kang rame iku lan ora kena diduwa sarta ora ana wong kang bisa ngukuhi nyawane marga saka kaluputane.

14. Ngunekna kalasangka lan samubarang kabeh padha cawisna! Nanging ora ana wong siji-sijia kang maju perang, amarga bebenduningSun kang mulad-mulad tumempuh marang sakehing karameane.

15. Ing jaban kutha pedhang, ing jero kutha pageblug lan kaliren! Sing sapa ana ing jaban kutha bakal mati dening pedhang, lan sing sapa ana ing jero kutha bakal tumpes marga kaliren utawa dening pageblug.

16. Lan sanadyan bokmanawa panunggalane ana kang bisa oncat, iku bakal padha manggon ana ing gunung-gunung kaya manuk perkutut ing lembah-lembah, kabeh padha nggluruh-nggluruh awit saka pialane dhewe.

17. Sakehing tangan padha lemes lan kabeh wong padha kepoyuh-poyuh marga saking wedine.

18. Kabeh bakal padha manganggo bagor, bakal padha kalimputan ing rasa kaget, bakal padha kalimputan ing wirang lan sirahe padha ngundhul kabeh.

19. Salakane dibuwangi ing lurung lan emase bakal kaanggep najis. Emase lan salakane ora bisa ngluwari wong-wong mau ing dina bebendune Pangeran Yehuwah. Bakal padha ora bisa maregi lan ora bisa ngiseni wetenge. Sabab iku dadi sandhungan kang njalari tumibane ing kaluputan.

20. Wong-wong mau padha ngrerengga awake kalawan emase lan salakane lan endahing rerenggane iki dadi jalaraning gumunggung. Emas lan salaka dianggo gawe reca-recane kang nistha lan dewa-dewane kang najisake. Awit saka iku emase lan salakane bakal Sundadekake nenajis tumrap wong-wong iku.

21. Iku bakal Sunulungake dadi jarahan marang tangane para wong manca lan dadi rayahan marang wong duraka ing bumi iki, sarta bakal kanajisake.

22. Ingsun bakal mlengos ora mirsani wong-wong iku, lan para wong ambek siya bakal najisake padalemaningSun kang aji, bakal dileboni lan dinajisake,

23. sarta kasirnakake.Sabab nagara iku kapenuhan ing utang getih, lan kutha iku kebak panganiaya.

maca bab lengkap Yeheskiel 7