Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 7:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, sira kandhaa: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang tanah Israel: Wus tumeka ing wekasane! Tanah ing keblat papat wus tumeka ing wekasane!

3. Saiki wus tumeka ing wekasanira lan Ingsun bakal ngesokake bebenduningSun marang sira, lan sira bakal Sunadili laras kalawan panggawenira sarta Ingsun bakal males marang sakehing tumindakira kang nistha.

4. Ingsun ora bakal rumaos eman tumrap sira tuwin ora bakal nandukake kawelasan, nanging Ingsun bakal males marang sira cundhuk kalawan tumindakira, lan panggawenira kang nistha, iku bakal tumempuh marang sira sarta sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.”

5. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Lah, bilai kasusul bilai, iku bakal nekani!

6. Wus tumeka ing wekasanira, kaya-kaya jumedhul nglawan marang sira, delengen tekane!

7. Kasangsaran nekani sira, he para kang manggon ing tanah! Wus tumeka ing wektune, wus tumeka ing dinane! Dinaning pageger, dudu swaraning surak-surak ana ing gunung-gunung.

8. Saiki Ingsun enggal-enggal bakal ngesokake dedukaningSun marang sira lan ngatogake bebenduningSun marang sira, Ingsun bakal ngadili sira laras kalawan tumindakira lan males sakehing panggawenira kang nistha.

9. Ingsun ora bakal rumaos eman lan ora bakal nandukake kawelasan; sira bakal Sunwales cundhuk kalawan panggawenira lan tumindakira kang nistha bakal tumempuh marang sira. Sira banjur bakal sumurup, yen Ingsun, Yehuwah kang nyirnakake.

maca bab lengkap Yeheskiel 7