Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 47:10-16 Kitab Sutji (JAV)

10. Mulane ing saurut pinggiring kali mau wiwit ing En-Gedi nganti tekan ing En-Eglaim kebak wong kang padha golek iwak; dhaerah kono banjur dadi papan ngepe jala, sarta ing kali kono ana iwake warna-warna, kaya iwak-iwak ing sagara gedhe, akeh banget.

11. Nanging embel-embel lan rawa-rawane ora dadi tawa, iku dadi panggonan njupuk uyah.

12. Ing pinggire kali kiwa tengen ana wite wowohan warna-warna, kang godhonge ora alum lan wohe ora entek-entek; saben sasi awoh maneh, sabab wit-wit iku oleh banyu saka papan kang suci iku. Wohe bakal dadi pangan, dene godhonge kanggo tamba.”

13. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iki wates-watese tanah kang kudu sira bage-bage dadi tanah-pusakanira ing antarane suku Israel rolas, Yusuf tampa rong bagean.

14. Tanah iku kudu sira bage rata, yaiku tanah kang kalawan supaos Sunjanjekake Sunparingake marang leluhurira, mulane tanah iku dadi tanah-pusakanira.

15. Iki watese tanah iku: ing sisih lor: saka sagara gedhe terus, ngliwati Hetlon tekan ing dalan kang mlebu ing Hamat banjur terus, ngliwati Zedad,

16. Berota, Sibraim, kang dumunung ing antarane kuta Damsyik lan wilayahe kutha Hamat, terus tekan ing Hazar-Enon kang dumunung ing wilayahe kutha Hauran.

maca bab lengkap Yeheskiel 47