Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 46:15-24 Kitab Sutji (JAV)

15. Dadi saben esuk wong-wong kudu ngunjukake wedhus gembel lan kurban dhaharan sarta lenga minangka kurban obaran kang tetep.

16. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Manawa ratu menehi saperanganing tanah pusakane marang salah sijine anake, iku banjur dadi duweke sarta dadi tanah pusakane.

17. Manawa menehi saperangane tanah pusakane marang salah sijine abdine, iku banjur dadi duweke nganti tekan taun pangluwaran, nuli bali marang raja iku maneh; mung para putraning ratu kang kena ndarbeni dadi warisane.

18. Raja aja nganti nyahak tanah pusakaning rakayt, satemah padha kesuk saka ing tanahe iku; mung duweke dhewe kang kena kawarisake marang anak-anake, supaya umatingSun aja nganti ana kang kesuk saka ing tanah pusakane.”

19. Aku nuli dibekta menyang ing kamar-kamare kang dumunung ing salore pasucen, ngliwati lawang ing sandhinge gapura, lah ing kono ing perangan kulon dhewe ana sawijining panggonan.

20. Aku dipangandikani mangkene: “Kene iki panggonane para imam padha ngolah kurban dhendha lan kurban pangruwating dosa sarta ngobong kurban dhaharan, tuwin iku ora kena kagawa menyang ing plataran njaba, supaya aja nganti nucekake umating Yehuwah.”

21. Sawuse mangkono aku nuli kairid menyang ing plataran njaba lan aku diparengake menyang ing pojoke papat plataran iku, lah ing saben pojok ana platarane maneh.

22. Ing pojoke papat plataran iku ana platarane cilik, dawane patang puluh asta lan ambane telung puluh asta, kapate iku ukurane padha.

23. Plataran-plataran cilik papat iku kaubengan ing tembok lan ing perangane ngisor tembok-tembok iku ana papan-papane kang kanggo olah-olah.

24. Panjenengane ngandika marang aku: “Iki pawon kanggo olah-olah; para kang padha nduweni kawajiban ana ing Padaleman Suci anggone ngolah kurban sembelehan kanggo rakyat ana ing kene.”

maca bab lengkap Yeheskiel 46