Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 44:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. Aku banjur kabekta ngliwati gapura lor menyang ing sangarepe Padaleman Suci; aku nyumurupi lah Padalemane Sang Yehuwah kapenuhan ing kamulyane Sang Yehuwah; aku nuli sujud nyembah.

5. Sang Yehuwah ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, waspadakna kang temenan, delengen kalawan tliti lan rungokna kalawan terwaca samubarang kabeh kang bakal Sunpangandikakake marang sira bab pranatan-pranataning Padalemane Sang Yehuwah lan sakehing angger-anggere sarta gatekna temenan sapa kang diparingake lumebu tuwin sapa kang kudu kabalekake saka ing papan suci iku.

6. Sira celathua marang golongan pembrontak, yaiku turune Israel: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: He, turune Israel, panggawenira kang nistha iku wus cukup,

7. yaiku anggonira nglilani wong-wong manca, wong-wong kang ora tetak mungguh ing ati lan badane, lumebu ing pasuceningSun lan marga saka mangkono padha najisake pasucen iku nalika sira padha ngunjukake dhaharaningSun, yaiku gajih lan getih. Marga saka panggawenira kang mangkono iku sira padha ngrusak prajanjianingSun ngluwihi sakehing pratingkahira kang nistha kang uwis-uwis.

8. Sira ora padha rumeksa marang barang-barangingSun kang suci sarta sira padha ngangkat wong-wong mau sira dadekake kang nindakake kawajibanira marang Ingsun ana ing pasuceningSun.

9. Marga saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Wong-wong manca kang atine lan badane ora katetakan, siji bae ora ana kang kaparengake lumebu ing pasuceningSun, yaiku saben wong manca kang ana ing satengahe wong Israel.

10. Dene wong-wong Lewi kang ngedohi Ingsun nalika Israel tumindak mblasar nilar Ingsun, ngenut brahala-brahalane, iku kang padha nanggung paukumane.

11. Ana ing pasuceningSun iya para wong Lewi iku kang nduweni kawajiban jaga ana ing gapura-gapuraning Padaleman Suci; iya wong-wong iku kang kawajiban nyembeleh kurban obaran lan kurban sembelehan kanggo bangsa iku tuwin nindakake kawajiban kanggo bangsa iku minangka anggone leladi marang bangsa iku.

maca bab lengkap Yeheskiel 44