Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 43:13-23 Kitab Sutji (JAV)

13. Iki ukuran-ukuraning misbyah nganggo ukuran asta, yaiku asta kang dawane padha karo asta lumrah katambahan satebah: kalene jerone saasta, ambane saasta sarta ing sakubenge kalen mau pinggirane dhuwure satebah. Iki dhuwure misbyah iku:

14. saka ing dhasare ing lemah nganti tekan ing wengku ngisor ana rong asta lan ambane wengku mau saasta. Saka ing wengku ngisor nganti tekan ing wengku dhuwur ana patang asta dene wengkune ambane uga saasta.

15. Prapen mau dhuwure patang asta lan ana sungune papat.

16. Prapene dawane rolas asta lan ambane rolas asta, dadine pesagi.

17. Wengkune prapen iku dawane patbelas asta lan ambane patbelas asta, dadi uga pesagi. Ing sakubenge misbyah mau ana kalene, kang ambane saasta tuwin ing sakubenge kalen iku ana pinggirane, kang ambane satengah asta. Undhak-undhakane misbyah dumunung ing sisih wetan.

18. Aku banjur dipangandikani: “He, anaking manungsa, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: pranatan tumrap misbyah iku mangkene: Manawa wus rampung panggawene lan bakal kawiwitan nyaosake kurban obaran ana ing kono sarta bakal nyiramake getih,

19. para imam trah Lewi turune Zadhok sira wenehana sapi lanang siji kang isih enom kanggo kurban pangruwating dosa, amarga iya wong-wong iku kang Sunparengake sowan marang ing ngarsaningSun prelu ngunjukake pangabekti. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

20. Lan sira njupuka getih iku sathithik nuli leletna ing sunguning misbyah papat pisan tuwin ing pojoke papat kubenge sarta ing pinggire mubeng; kaya mangkono anggonira nucekake misbyah mau lan anggonira nganakake pirukun tumrap iku.

21. Sira banjur njupuka sapi lanang kanggo kurban pangruwating dosa mau, iku kudu kaobong ana ing panggonan kang wus katemtokake ing wewengkone Padaleman Suci, ing sajabane pasucen.

22. Ing dina kang kapindho sira misungsungna wedhus lanang kang tanpa cacad minangka kurban pangruwating dosa lan misbyahe sira sucekna kaya nalika disucekake kalawan sapi lanang.

23. Sawuse sira ngrampungake upacara pasucen sira misungsungna sapi lanang enom kang tanpa cacad siji lan wedhus gembel lanang siji panunggalane wedhus-wedhus gembel kang tanpa cacad.

maca bab lengkap Yeheskiel 43