Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 42:13-20 Kitab Sutji (JAV)

13. Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kamar-kamar ing sisih lor lan kidul kang mangku plataran tutupan, iku kamar-kamar suci, panggonane para imam kang sowan ing ngarsaning Sang Yehuwah padha mangan atur-atur kang suci linuwih. Ana ing kono iku anggone padha ndekek atur-atur kang suci linuwih, kurban dhaharan, kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha, amarga papan iku suci.

14. Manawa para imam lumebu ing pasucen, ora bakal metu menyang ing plataran njaba, sadurunge cucul sandhangan ana ing kono yaiku sandhangane kang dianggo nalika nganakake pangibadah, amarga sandhangan mau suci. Mulane kudu nganggo sandhangan liyane, sawuse mangkono lagi kena menyang ing panggonane umate Sang Yehuwah.”

15. Sawise rampung anggone ngukur gedhong-gedhong ing jero kabeh, aku banjur kabekta menyang ing gapura kang marep mangetan, nuli panjenengane ngukur wewengkone Padaleman Suci mau.

16. Sisih wetan kaukur nganggo teken ukuran: limang atus asta manut teken ukuran iku. Panjenengane tumuli pindhah

17. lan ngukur sisih lor: limang atus asta manut teken ukuran. Nuli pindhah maneh

18. lan ngukur sisih kidul: limang atus asta manut teken ukuran.

19. Banjur pindhah mangulon nuli ngukur: limang atus asta manut teken ukuran.

20. Sisihe papat pisan kaukur. Ing sakubenge wewengkon iku ana temboke: dawane limang atus asta lan ambane limang atus asta. Iku kanggo misahake kang suci karo kang ora suci.

maca bab lengkap Yeheskiel 42