Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 41:3-14 Kitab Sutji (JAV)

3. Panjenengane nuli lumebet ing kamar njero. Sakaning temboke banjur kaukur: kandele rong asta, dene ambane lawange dhewe: enem asta, tuwin tembok ing sandhinge ing sisih kene pitung asta, ing sisih kanane pitung asta.

4. Tumuli ngukur kamar njero mau, dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta padha karo ambane bangsal gedhe. Aku nuli dipangandikani mangkene: “Iki papan Sucining Suci.”

5. Panjenengane banjur ngukur tembok ing Padaleman Suci iku: kandele enem asta lan ambane kamar tambahan kang tinemu ing sakubenge Padaleman Suci mau, patang asta.

6. Kamar-kamar tambahan iki sungsun telu lan saben larik kamare telung-puluh. Ing sakubenge Padaleman Suci temboke ana lowah-lowahane kang diedegi kamar-kamar tambahan mau, supaya padha dadi santosa, amarga kamar-kamar mau ora digandheng karo temboking Padaleman Suci.

7. Sabanjure kamar-kamar tambahan mau wiwit ing larikan ngisor nganti larikan kang katelu, saya gedhe saya gedhe, laras karo lowah-lowahane kang saya munggah iya saya amba ana ing larikan ing dhuwur ngliwati larikan tengah.

8. Ing sapandelengku dhasaring Padaleman Suci luwih dhuwur tinimbang ing sakubenge. Dhasaring kamar-kamar tambahan iku ukurane sateken trep, dadi dhuwure enem asta.

9. Kamar tambahan iku temboke sing njaba kandele limang asta, peranganing dhasare Padaleman Suci kang ora ana apa-apane iku ambane limang asta. Ing antarane dhasare gedhong-gedhong lan

10. kamar-kamar lete rong puluh asta, iku ing sakubenge Padaleman Suci kabeh.

11. Lan lawang-lawang ing kamar tambahan, kang metune anjog ing perangan kang ora kanggo apa-apa mau, siji ana ing sisih kidul. Dene ambane papan kang ora kanggo apa-apa iku limang asta mubeng.

12. Gedhong kang dumunung ana ing plataran tutupan ing sisih kulon ambane pitung puluh asta, dene temboke mubeng kandele limang asta lan dawane sangang puluh asta.

13. Panjenengane nuli ngukur Padaleman Suci mau: dawane satus asta, dene plataran tutupan karo gedhonge lan temboke uga satus asta;

14. mangkono uga ambane sisih ngarep Padaleman Suci karo plataran tutupan ing sisih wetan iya satus asta.

maca bab lengkap Yeheskiel 41