Kamar-kamar tambahan iki sungsun telu lan saben larik kamare telung-puluh. Ing sakubenge Padaleman Suci temboke ana lowah-lowahane kang diedegi kamar-kamar tambahan mau, supaya padha dadi santosa, amarga kamar-kamar mau ora digandheng karo temboking Padaleman Suci.