Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 40:30-48 Kitab Sutji (JAV)

30. Ing sakubenge ana bangsal-bangsale, dawane selawe asta lan ambane limang asta. --

31. Bangsale dumunung ana ing plataran njaba lan ing saka-sakaning temboke ana gambare wit kurma ukir-ukiran, dene undhak-undhakane munggah ana wolu.

32. Aku nuli dibekta menyang ing plataran njero sisih wetan lan panjenengane banjur ngukur gapura kang ana ing kono, tinemune ukurane padha bae karo liya-liyane.

33. Kamar-kamare panjagan, saka-sakane tembok sarta bangsale gapura ukurane padha bae karo liya-liyane. Ing sakubenge gapura lan bangsale ana cendhelane; gapura iku dawane seket asta lan ambane salawe asta.

34. Bangsale dumunung ana ing plataran njaba lan ing saka-sakaning temboke ana gambare wit kurma ukir-ukiran, dumunung ana ing sisih kene lan ing sisih kanane, dene undhak-undhakane munggah ana wolu.

35. Aku banjur dibekta menyang ing gapura lor, gapura iki nuli kaukur, tinemune padha bae karo liya-liyane.

36. Kamar-kamare panjagan, saka-sakane temboke lan bangsale ukurane padha bae karo liya-liyane, tuwin ing sakubenge ana cendhela-cendhelane; gapura iku dawane seket asta, ambane salawe asta.

37. Bangsale dumunung ana ing plataran njaba, tuwin ing saka-sakaning temboke ana gambare wit kurma ukir-ukiran, dumunung ing sisih kene lan ing sisih kanane, dene undhak-undhakane munggah ana wolu.

38. Ing kono uga ana kamare siji, kang lawange dumunung ing bangsal, iku papan kanggo ngumbah kurban obaran.

39. Ing sajroning bangsal kono ing sisih kenene ana mejane loro, iku kanggo nyembeleh kurban obaran, kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha.

40. Ing sisih kiwane bangsal sisih njaba ana mejane loro, tuwin ing sisih tengene bangsal iku uga ana mejane loro.

41. Dadi ing gapura kono ing sisih kiwi lan ing sisih tengene ana mejane papat-papat, gunggung ana wolu; iku kanggo nyembeleh kurban.

42. Uga ana mejane papat maneh kanggo kurban obaran, kang digawe watu tatahan. Dawane karo tengah asta, ambane karo tengah asta lan dhuwure saasta. Iku kanggo ndekek piranti nyembeleh kurban obaran lan kurban sembelehan.

43. Ing sakubenge panggonan kono ana canthelan-canthelan kang dawane nyatebah; meja-meja iku kanggo nyelehake daging kurban.

44. Aku banjur kabekta menyang ing plataran njero, lah ing kono ana kamare loro, kang siji dumunung ing sandhing gapura lor, marep mangidul, sijine sandhing gapura kidul, marep mangalor.

45. Aku nuli dipangandikani mangkene: “Kamar kang marep mangidul iki papane para imam kang nindakake kawajiban ana ing Padaleman Suci,

46. lan kamar kang marep mangalor iku papane para imam kang nindakake kawajiban ana ing misbyah. Iku kabeh turune Zadhok lan iya mung golongan iki saka ing panunggalane turune Lewi kang diparengake cedhak karo Sang Yehuwah prelu nganakake pangibadah.”

47. Plataran njero nuli kaukur: iku pesagi, dawane satus asta, ambane uga satus asta; misbyahe ana ing sangareping Padaleman Suci.

48. Aku tumuli kabekta menyang ing bangsaling Padaleman Suci, lan panjenengane banjur ngukur saka-sakaning temboke: kandele ing sisih kene limang asta ing sisih kana uga limang asta, ambane lawange patbelas asta, dene temboke ing sandhinge nelung asta.

maca bab lengkap Yeheskiel 40