Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 40:28-40 Kitab Sutji (JAV)

28. Aku banjur dibekta menyang ing plataran njero ngliwati gapura kidul lan panjenengane tumuli ngukur gapura iku, ukurane padha bae karo liya-liyane.

29. Kamar-kamare panjagan, saka-sakane temboke lan bangsale gapura ukurane padha bae karo liya-liyane. Ing sakubenge gapura mau lan ing bangsale gapurane ana cendhela-cendhelane; dawane gapura iku seket asta dene ambane salawe asta. --

30. Ing sakubenge ana bangsal-bangsale, dawane selawe asta lan ambane limang asta. --

31. Bangsale dumunung ana ing plataran njaba lan ing saka-sakaning temboke ana gambare wit kurma ukir-ukiran, dene undhak-undhakane munggah ana wolu.

32. Aku nuli dibekta menyang ing plataran njero sisih wetan lan panjenengane banjur ngukur gapura kang ana ing kono, tinemune ukurane padha bae karo liya-liyane.

33. Kamar-kamare panjagan, saka-sakane tembok sarta bangsale gapura ukurane padha bae karo liya-liyane. Ing sakubenge gapura lan bangsale ana cendhelane; gapura iku dawane seket asta lan ambane salawe asta.

34. Bangsale dumunung ana ing plataran njaba lan ing saka-sakaning temboke ana gambare wit kurma ukir-ukiran, dumunung ana ing sisih kene lan ing sisih kanane, dene undhak-undhakane munggah ana wolu.

35. Aku banjur dibekta menyang ing gapura lor, gapura iki nuli kaukur, tinemune padha bae karo liya-liyane.

36. Kamar-kamare panjagan, saka-sakane temboke lan bangsale ukurane padha bae karo liya-liyane, tuwin ing sakubenge ana cendhela-cendhelane; gapura iku dawane seket asta, ambane salawe asta.

37. Bangsale dumunung ana ing plataran njaba, tuwin ing saka-sakaning temboke ana gambare wit kurma ukir-ukiran, dumunung ing sisih kene lan ing sisih kanane, dene undhak-undhakane munggah ana wolu.

38. Ing kono uga ana kamare siji, kang lawange dumunung ing bangsal, iku papan kanggo ngumbah kurban obaran.

39. Ing sajroning bangsal kono ing sisih kenene ana mejane loro, iku kanggo nyembeleh kurban obaran, kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha.

40. Ing sisih kiwane bangsal sisih njaba ana mejane loro, tuwin ing sisih tengene bangsal iku uga ana mejane loro.

maca bab lengkap Yeheskiel 40