Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 40:2-17 Kitab Sutji (JAV)

2. menyang ing tanah Israel ing sajrone wahyuning Allah lan aku kapapanake ing gunung kang dhuwur banget. Ana ing dhuwur kono ing ngarepku ana rerupan wujude kaya kutha.

3. Aku nuli kabekta mrana. Tumuli lah ana sawijining priya kang katon kaya tembaga, astane nyepeng tali lena lan teken ukuran; priya iku jumeneng ana ing gapura.

4. Iku banjur ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, waspadakna kalawan tliti, rungokna lan gatekna kang temenan samubarang kabeh kang bakal daktuduhake marang kowe; amarga iya iku prelune anggonmu kabekta mrene, yaiku supaya aku nuduhake iku kabeh marang kowe. Kabeh kang kokdeleng iki caritakna marang turune Israel.”

5. Lah ing sajabane padaleman ana temboke mubeng ngupengi padaleman iku. Astane priya mau nyepeng teken ukuran, kang dawane nem asta -- asta ing kene padha karo asta lumrah punjul satebah --. Priya mau nuli ngukur temboke, kandele sateken lan dhuwure sateken.

6. Bareng rawuh ing gapura kang marep mangetan, banjur minggah ing undhak-undhakane lan ngukur tlundhaging gapura tinemu ambane sateken.

7. Nuli ngukur kamar panjagan, dawane sateken, ambane sateken, dene lete kamar panjagan siji lan sijine ana limang asta. Tlundhaging gapura ing sisih jero, kang cedhak karo bangsaling gapura iku sateken.

8. Tumuli ngukur bangsaling gapura: wolung asta,

9. lan sakehing temboke rong asta; bangsal iku ana ing sisih njero.

10. Ing sakiwa-tengene gapura ing sisih wetan mau ana kamare panjagan telu-telu kang ukurane padha, dene sakane tembok ing sisih loro-lorone ukurane iya padha.

11. Banjur ngukur plonging gapura: ambane sisih njero sapuluh asta lan ambane sisih njaba telulas asta.

12. Peranganing ngarep kamar-kamar panjagan mau ing sisih kiwa tengen ana temboke let-letan, ambane saasta. Dene ukurane kamar panjagan iku alang-ujure ngenem asta.

13. Nuli ngukur gapura mau, wiwit temboke mburi kamar panjagan kang siji tekan temboke mburi kamar panjagan sijine, ngliwati lawanging let-letan loro-lorone: ambane selawe asta.

14. Bangsaling gapura uga kaukur: rong puluh asta; ing sakubenge bangsal iku ana platarane.

15. Wiwit ngarep gapura ing njaba nganti tekan bangsal sisih njero: seket asta.

16. Ing sakubenge gapura iku ing perangan njero ana cendhela-cendhelane mawa blabag sap-sapan, yaiku ing kamar-kamar panjagan lan ing tembok-temboke, mangkono uga ing bangsaling gapura. Saka-sakaning tembok mawa gambar wit kurma ukir-ukiran.

17. Aku banjur kabekta menyang ing plataran njaba, lah ing sakubenge plataran kono ana kamar-kamare, gunggunge telung puluh. Lan kamar-kamar iku dumunung ana ing sadhuwure srasahan.

maca bab lengkap Yeheskiel 40