Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 40:13-26 Kitab Sutji (JAV)

13. Nuli ngukur gapura mau, wiwit temboke mburi kamar panjagan kang siji tekan temboke mburi kamar panjagan sijine, ngliwati lawanging let-letan loro-lorone: ambane selawe asta.

14. Bangsaling gapura uga kaukur: rong puluh asta; ing sakubenge bangsal iku ana platarane.

15. Wiwit ngarep gapura ing njaba nganti tekan bangsal sisih njero: seket asta.

16. Ing sakubenge gapura iku ing perangan njero ana cendhela-cendhelane mawa blabag sap-sapan, yaiku ing kamar-kamar panjagan lan ing tembok-temboke, mangkono uga ing bangsaling gapura. Saka-sakaning tembok mawa gambar wit kurma ukir-ukiran.

17. Aku banjur kabekta menyang ing plataran njaba, lah ing sakubenge plataran kono ana kamar-kamare, gunggunge telung puluh. Lan kamar-kamar iku dumunung ana ing sadhuwure srasahan.

18. Srasahan iku ana ing sakiwa-tengene gapura, trep karo dawaning gapura. Iku srasahan ing ngisor.

19. Ambaning plataran mau nuli kaukur wiwit saka ing sisih njerone gapura ngisor nganti tekan ing sisih njabane gapura njero: satus asta.Panjenengane nuli lumampah ana ing ngarepku mangalor

20. lah ing kono ana gapura kang madhep ngalor, dumunung ing plataran njaba. Amba-dawane banjur kaukur.

21. Kamare panjagan telu sisih kene lan iya telu sisih kono, saka-sakaning tembok lan bangsaling gapura ukurane padha karo gapura kapisan: dawane seket asta lan ambane salawe asta.

22. Cendhela-cendhelane, bangsaling gapura lan gambar-gambare wit kurma ukurane uga padha karo gapura kang marep mangetan. Wong bisane munggah mrono ngliwati undhak-undhakan pitu, dene bangsale gapura ana ing sisih njero.

23. Ing plataran njero ana gapurane kang arep-arepan karo gapura lor, kayadene gapura wetan; panjenengane nuli ngukur wiwit ing gapura kang siji tekan ing gapura candhake: satus asta.

24. Sawuse mangkono aku banjur kabekta mangidul, lah ing kono ana gapura kang madhep ngidul; kamar-kamare panjagan, saka-sakane temboke lan bangsal-bangsaling gapurane tumuli kaukur, ukurane padha bae karo liya-liyane.

25. Ing sakubenge gapura kono lan ing bangsaling gapurane ana cendhela-cendhelane, kang padha karo liya-liyane; gapura iku dawane seket asta lan ambane salawe asta.

26. Undhak-undhakane mrono ana pitu, dene bangsale gapura ana ing sisih njero. Gapura iku ing saka-sakaning temboke, uga ana gambare wit kurma ukir-ukiran, ing sisih kene sauwit ing sisih kono sauwit.

maca bab lengkap Yeheskiel 40