Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 38:2-13 Kitab Sutji (JAV)

2. “He, anaking manungsa, sira madhepa ngener marang Gog ing tanah Magog, yaiku maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal tuwin medhara wangsit nglawan dheweke,

3. sira tutura: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal dadi mungsuhira, he, Gog maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal.

4. Sira bakal Sungered kalawan ganthol ing uwangira lan Sunbekta metu bebarengan kalawan wadya-balanira, yaiku bala jaranan, kabeh padha manganggo ganep, golongan gedhe kang nggawa tameng gedhe lan cilik sarta asikep pedhang.

5. Wong Persia, Etiopia lan Put padha mbarengi lakune, kabeh padha nyekel tameng lan nganggo topong;

6. wong Gomer dalasan wadya-balane kabeh, Bet-Togarma saka ing poncot lor dalah sawadya-balane kabeh, akeh bangsa kang ngeloni sira.

7. Sira mirantia lan cecawisa kalawan kabeh golongan kang padha ngeloni sira lan sira dadia pangayomane.

8. Sawise sawatara lawas sira bakal tampa dhawuh; ing dina kang wekasan sira bakal teka ing sawijining nagara kang wus kabangun maneh sawuse rusak marga saka perang, tuwin sira banjur marani sawijining bangsa kang diklumpukake saka ing satengahe para bangsa ing gunung-gununge Israel kang wus suwe dadi reruntuhan. Bangsa iki wus kawetokake saka ing satengahe para bangsa lan kabeh banjur wus padha manggon kalawan ayem tentrem.

9. Sira nuli jumedhul kaya angin prahara lan tekanira iku kaya mendhung kang nutupi salumahing bumi, sira teka kalawan wadya-balanira kabeh lan akeh bangsa kang mbiyantu sira.

10. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing dina iku sira kadunungan niyat ing sajroning atinira, sira gawe rancangan ala.

11. Sira celathu: Aku arep mangkat nempuh tanah kang kutha-kuthane tanpa tembok lan bakal arep nekani wong-wong kang uripe ayem lan manggon kalawan tentrem; papan panggonane tanpa tembok utawa palang lan tanpa gapura.

12. Sira arep ngrerampas lan ngrerayah lan ngacungake tanganira marang reruntuhan-reruntuhan kang wus dienggoni maneh lan nempuh umatingSun kang kaklumpukake saka ing satengahing bangsa-bangsa. Wong-wong iku wus padha duwe raja-kaya lan bandha sarta padha manggon ing pusering bumi.

13. Nagara Syeba lan Dedan dalah para wonge kang tuku barang-barange, nagara Tarsis dalah para sudagare bakal padha celathu marang sira mangkene: Tekamu iku apa arep ngrerampas lan nglumpukake sekuthonmu sumedya ngrerayah, arep ngangkut salaka lan emas, arep mbradhat raja-kaya lan bandha sarta arep njarah-rayah kang akeh banget?

maca bab lengkap Yeheskiel 38