Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 38:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing dina iku sira kadunungan niyat ing sajroning atinira, sira gawe rancangan ala.

11. Sira celathu: Aku arep mangkat nempuh tanah kang kutha-kuthane tanpa tembok lan bakal arep nekani wong-wong kang uripe ayem lan manggon kalawan tentrem; papan panggonane tanpa tembok utawa palang lan tanpa gapura.

12. Sira arep ngrerampas lan ngrerayah lan ngacungake tanganira marang reruntuhan-reruntuhan kang wus dienggoni maneh lan nempuh umatingSun kang kaklumpukake saka ing satengahing bangsa-bangsa. Wong-wong iku wus padha duwe raja-kaya lan bandha sarta padha manggon ing pusering bumi.

13. Nagara Syeba lan Dedan dalah para wonge kang tuku barang-barange, nagara Tarsis dalah para sudagare bakal padha celathu marang sira mangkene: Tekamu iku apa arep ngrerampas lan nglumpukake sekuthonmu sumedya ngrerayah, arep ngangkut salaka lan emas, arep mbradhat raja-kaya lan bandha sarta arep njarah-rayah kang akeh banget?

14. Awit saka iku, he, anaking manungsa, sira medhara wangsit lan tutura marang Gog: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Nalika umatingSun Israel lagi manggon kalawan ayem tentrem, ing nalika iku anggonira bakal tumindak

15. lan banjur teka saka ing panggonanira saka ing lor kang adoh banget, sira kalawan bangsa akeh kang mbiyantu sira, kabeh padha nunggang jaran, golongan kang gedhe lan wadya-bala kang santosa.

16. Sira mangkat nglawan umatingSun Israel kayadene mendhung kang nutupi salumahing bumi. Ing dina kang wekasan iku bakal kelakon lan Ingsun bakal ngirid sira nglawan marang tanahingSun, supaya para bangsa padha wanuh marang Ingsun, yaiku samangsa Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang sira ana ing ngarepe, heh, Gog.

17. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Iya sira iku kang wus Sunpangandikakake ing wektu-wektu kang wus kapungkur lumantar para abdiningSun, yaiku para nabining Israel, kang ing wektu iku nganti mataun-taun padha memeca, manawa sira bakal Sunlurugake nglawan marang umatingSun.

maca bab lengkap Yeheskiel 38