Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 37:3-16 Kitab Sutji (JAV)

3. Panjenengane tumuli ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, balung-balung iki apa bisa diuripake maneh?” Aku munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka ingkang nguningani!”

4. Nuli aku dipangandikani: “Sira medhara wangsit tumrap balung-balung iki lan tuturana mangkene: He balung-balung kang garing, rungokna pangandikane Sang Yehuwah!

5. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang balung-balung iki: Ingsun nganjingi sira kalawan rohing kauripan, supaya sira urip maneh.

6. Ingsun bakal maringi otot marang sira lan nukulake daging ana ing sira, Ingsun bakal nutupi sira kalawan kulit sarta paring marang sira rohing kauripan, supaya sira padha urip maneh. Sira banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

7. Aku banjur medhar wangsit kaya kang kadhawuhake marang aku; lan bareng aku wus mendhar wangsit, padha sanalika tumuli ana swara keprungu, swara pating kropyak, lah balung-balung mau padha ngumpul.

8. Sajrone aku ngawasake iku, lah aku nuli ndeleng otot-otot lan daging kang tumuwuh ing balung-balung mau, sawuse mangkono banjur katutupan ing kulit, nanging durung padha ambekan.

9. Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Sira medhara wangsit marang rohing kauripan iku, medhara wangsit, he, anaking manungsa, lan tutura marang rohing kauripan iku mangkene: He rohing kauripan, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira tekaa saka ing keblat papat, wong-wong kang pinatenan iki padha sira damonana, supaya padha urip maneh!”

10. Aku nuli medhar wangsit kaya kang kadhawuhake marang aku. Rohing kauripan mau banjur lumebu ing wong-wong mau, temah banjur padha urip maneh lan padha ngadeg. Dadi wadya-bala kang akeh banget.

11. Aku nuli dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, balung-balung iki kabeh turune Israel. Lah wong-wong iku rak padha kandha dhewe: Balung-balungku wis padha dadi garing, aku kabeh wus ora duwe pangarep-arep, aku wus padha sirna.

12. Awit saka iku sira medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun mbikak kubur-kuburira lan nangekake sira kabeh saka ing kono, he, umatingSun, lan Ingsun bakal ngirid sira menyang ing tanah Israel.

13. Sarta sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun mbikaki kubur-kuburira lan nangekake sira kabeh saka ing kono, he, umatingSun.

14. Ingsun bakal nganjingake RohingSun ana ing sira, satemah sira padha urip maneh lan Ingsun bakal mapanake sira ana ing tanahira. Ing kono sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah, kang mangandikakake iku lan nindakake iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

15. Sawuse mangkono nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

16. “He, sira anaking manungsa, sira njupuka blabag, ing dhuwur sira tulisana: Kanggo Yehuda lan para wong Israel kang nunggal kalawan dheweke. Banjur njupuka blabag liyane, ing dhuwur sira tulisana: Kanggo Yusuf -- blabage Efraim -- lan kabeh turune Israel kang tetunggalan kalawan dheweke.

maca bab lengkap Yeheskiel 37