Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 37:10-20 Kitab Sutji (JAV)

10. Aku nuli medhar wangsit kaya kang kadhawuhake marang aku. Rohing kauripan mau banjur lumebu ing wong-wong mau, temah banjur padha urip maneh lan padha ngadeg. Dadi wadya-bala kang akeh banget.

11. Aku nuli dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, balung-balung iki kabeh turune Israel. Lah wong-wong iku rak padha kandha dhewe: Balung-balungku wis padha dadi garing, aku kabeh wus ora duwe pangarep-arep, aku wus padha sirna.

12. Awit saka iku sira medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun mbikak kubur-kuburira lan nangekake sira kabeh saka ing kono, he, umatingSun, lan Ingsun bakal ngirid sira menyang ing tanah Israel.

13. Sarta sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun mbikaki kubur-kuburira lan nangekake sira kabeh saka ing kono, he, umatingSun.

14. Ingsun bakal nganjingake RohingSun ana ing sira, satemah sira padha urip maneh lan Ingsun bakal mapanake sira ana ing tanahira. Ing kono sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah, kang mangandikakake iku lan nindakake iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

15. Sawuse mangkono nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

16. “He, sira anaking manungsa, sira njupuka blabag, ing dhuwur sira tulisana: Kanggo Yehuda lan para wong Israel kang nunggal kalawan dheweke. Banjur njupuka blabag liyane, ing dhuwur sira tulisana: Kanggo Yusuf -- blabage Efraim -- lan kabeh turune Israel kang tetunggalan kalawan dheweke.

17. Blabag loro iku banjur sira dadekna siji, temah loro-lorone iku dadi siji ana ing tanganira.

18. Ing kono manawa mitra-mitranira tunggal bangsa padha takon marang sira: Apa kowe ora gelem nerangake marang aku kabeh, apa tegese iki,

19. iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun mundhut blabage Yusup -- kang ana ing tangane Efraim -- kalawan suku-suku Israel kang padha tetunggalan karo dheweke, lan Sungandheng karo blabage Yehuda, Sundadekake blabag siji ana ing astaningSun.

20. Sajrone sira nyekel blabag-blabag kang sira tulisi ana ing ngarepe wong-wong iku mau,

maca bab lengkap Yeheskiel 37