Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 34:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan para pangone Israel, medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku, marang pangon-pangon iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Bilai para pangone Israel, kang ngengon awake dhewe! Kudune rak wedhus-wedhuse kang diengon dening para pangon iku?

3. Sira padha ngombe susune, wulune sira gawe sandhangan, wedhus kang lemu sira beleh, nanging sira ora ngengon wedhus-wedhus iku.

4. Kang ringkih ora sira kuwatake, kang lara ora sira tambani, kang tatu ora sira blebed, kang kesasar ora sira gawa bali, kang ilang ora sira goleki, dene kang kuwat sira idak-idak kalawan sawenang-wenang.

5. Marga saka mangkono tumuli padha buyar, awit ora ana pangone, temah banjur padha dadi mangsaning sakehe kewan alas. Wedhus-wedhusingSun padha buyar

6. lan padha kesasar ana ing sakehing gunung lan ing sakehing tengger kang dhuwur-dhuwur, malah ana ing saindenging tanah kono wedhusingSun anggone padha buyar, ora ana wong siji-sijia kang mreduli utawa nggoleki.

7. Awit saka iku, he para pangon, padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah:

8. Demi Ingsun kang gesang, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- ing sarehne wedhus-wedhusingSun nyata-nyata dadi mangsaning sakehe kewan ing alas, marga ora ana pangone, jalaran para pangoningSun ora padha mreduli marang wedhus-wedhusingSun, nanging mung padha ngengon awake dhewe bae, dene wedhus-wedhusingSun ora padha diengon,

9. awit saka iku he, para pangon, rungokna pangandikane Sang Yehuwah:

10. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak kang bakal dadi mungsuhe para pangon iku lan Ingsun bakal mundhut baline para wedhusingSun sarta bakal Sunkendeli anggone dadi pangoning wedhusingSun. Pangon-pangon iku ora bakal padha lestari bisa ngengon awake dhewe; Ingsun bakal nguwalake wedhus-wedhusingSun saka ing cangkeme, satemah ora dadi pakane maneh.

11. Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak bakal migatosake marang wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunpadosi.

12. Kaya pangon kang nggoleki wedhuse kang pisah karo pepanthane mangkono anggoningSun bakal ngupadosi wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunluwari saka ing sakehing panggonan anggone padha kaulungake nalika dinane mendhung lan peteng.

13. Bakal padha Sunirid metu saka ing satengahe para bangsa lan Sunklempakake saka ing nagara-nagara sarta Sunirid marang ing tanahe; Ingsun bakal ngengon wedhus-wedhusingSun iku mau ana ing gunung-gununge Israel, ana ing lebak-lebaking kaline lan ana ing papan panggonane wong kono kabeh.

maca bab lengkap Yeheskiel 34