Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 31:8-13 Kitab Sutji (JAV)

8. Wit eres kang ana ing patamananing Allahora bakal padha bisa nandhingi,samono uga wit berosora bakal padha bisa madhani pang-pange kang cilik,sarta wit armon ora ana kang kena katandhingakekaro pang-pange kang gedhe.Sakehing wit-witan ing patamananing Allahora ana kang bisa katandhingakeing bab kaendahane.

9. Ingsun kang gawe bangeting endahedalah pange kang gedhe-gedhe kang nggrembel.Sakehing wit-witan ing patamanan Eden ing patamananing Allahpadha meri.

10. Marga saka iku Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Sarehne wit iku dhuwur, pucuke nganti sundhul langit sarta marga saka dhuwure iku banjur dadi kumlungkung,

11. mulane wus Sunulungake marang ing tangane wong kang kwasa ana ing antarane para bangsa, supaya kapatrapana kang salaras kalawan pialane; wus Suntundhung.

12. Wong-wong manca, yaiku umat kang ambek siya dhewe ing antarane para bangsa, bakal negor wit iku lan banjur kaetogake bae; pange kang gedhe-gedhe padha tiba ana ing gunung-gunung lan ing lembah-lembah sarta pange kang cilik-cilik padha sempal tiba ing dhasaring kaline nagara iku tuwin sakehing bangsa ing bumi padha lunga lumayu saka ing pangaubane, wit iku nuli kaetogake bae.

13. Sakehing manuk ing awang-awang padha mencok ing wit kang wus gumlimpang iku lan sakehing kewan ing alas padha manggon ing antarane pang-pange kang gedhe.

maca bab lengkap Yeheskiel 31