Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 31:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang kaping sawelas, tanggal siji sasi telu, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, sira tutura marang Pringon, raja ing Mesir lan marang sagolongane mangkene:Ing sajroning kamulyanirasapa kang bisa madhani sira?

3. Lah, sira Sunpadhakakekalawan wit eres ing Libanon,kang pange ngrempayak endah-endahlan kang godhonge ngrembuyung;wite dhuwur bangetpucuke nganti sundhul langit.

4. Kali-kali kang ndadekake gedhe,samodra agung ndadekake dhuwur,iku kang njalari kali-kali padha milingubengi panggonane ikulan kalen-kalen padha milimenyang ing sakehing wit-witan kang ana ing ara-ara.

5. Awit saka iku dhuwurengungkuli sakehing wit-witan ing ara-ara;pange kang cilik-cilik saya akeh,pange kang gedhe padha dadi dawamarga kaluberan ing banyu akeh.

6. Kang padha nusuh ana ing pange kang cilik-ciliksakehing manuk ing ngawang-awang,dene kang ana ing sangisoring pang-pang gedhekabeh kewan ing alas kang padha manak,sarta sakehing bangsa kang gedhepadha ngeyub ana ing sangisore.

maca bab lengkap Yeheskiel 31