Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 30:7-21 Kitab Sutji (JAV)

7. Mesir bakal kasirnakake ana ing satengahe nagara kang wus padha sepi mamring lan kutha-kuthane bakal kagolong kutha kang wus padha rusak.

8. Ing kono wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku ing nalikane Ingsun nganakake geni ana ing Mesir satemah sakehing wong kang mbiyantu padha sirna.

9. Ing dina iku para utusaningSun bakal padha mangkat kalawan rerikatan prelu banjur gawe kagete Etiopia kang lagi seneng-seneng, temahan bakal padha gumeter ing dina tumibane paukuman tumrap Mesir; amarga iku nyata-nyata bakal kelakon.

10. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngicali kasugihane Mesir lumantar Nebukadnezar, raja ing Babil.

11. Panjenengane kalawan wadya-balane; yaiku umat kang ambek siya dhewe ing antarane para bangsa, bakal nyirnakake tanah iku lan bakal ngunus pedhang nglawan Mesir sarta bakal padha ngebaki tanah iku kalawan wong kang padha dipateni.

12. Ingsun bakal ngasatake cawanganing bengawan Nil sarta bakal masrahake tanah iku marang ing tangane wong ala, apadene bakal nyirnakake tanah iku dalah saisine lumantar bangsa liyan. Ingsun, Yehuwah, kang mangandikakake bab iku.

13. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngrisak para brahalane lan ngicali dewa-dewaning Memfis; tuwin ing tanah Mesir bakal ora ana panggedhene maneh sarta Ingsun bakal nuwuhake pagiris ana ing kana.

14. Ingsun bakal nyirnakake Patros lan nganakake geni ana ing Soan sarta ndhawahake paukuman marang Tebe.

15. Ingsun bakal ngesokake bebenduningSun marang Sin, betenge Mesir lan nyirnakake kasugihane Tebe.

16. Ingsun bakal nganakake geni ana ing Mesir, Sin bakal gumeter apadene Tebe bakal karebut lan tembok-temboke bakal kabongkar.

17. Para nom-noman On lan Pi-Beset bakal padha ambruk dening pedhang tuwin para wong wadon bakal kaboyongan.

18. Ing Takhpanhes bakal ana pagowong ing wayah raina, yaiku ing nalikane Ingsun mepesake panguwasane Mesir ana ing kana lan anggone kumlungkung, kang marga saka kakuwatane, bakal sirna. Kutha iku bakal katutupan ing mendhung, dene anak-anake wadon bakal kaboyongan.

19. Sabanjure Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Mesir, temah wong-wong bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”

20. Nalika ing taun kang kaping sawelas, tanggal pitu sasi kapisan, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

21. “He, anaking manungsa, tangan kakuwatane Pringon, raja ing Mesir, wus Suntugel lan tangane iku ora kablebed supaya pulih maneh, ora ana kang mblebed supaya dadi kuwat maneh, lan bisa ngacungake pedhang.

maca bab lengkap Yeheskiel 30