Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 29:15-21 Kitab Sutji (JAV)

15. Dadi karajan kang ringkih dhewe ana ing antarane karajan-karajan liyane lan ora bakal bisa ngunggulake awake maneh ngungkuli bangsa-bangsa liya. Bakal Sundadekake ringkih banget, satemah ora bakal bisa ngereh bangsa-bangsa maneh.

16. Lan ora bakal dadi andel-andele turune Israel maneh, kang ngelingake marang kaluputane Israel, manawa Israel marani lan njaluk tulung mrono. Ing kono Mesir bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.”

17. Tumuli ing taun kang kaping pitulikur, tanggal siji sasi siji, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

18. “He, anaking manungsa, Nebukadnezar raja Babil, akon marang wadya-balane supaya padha ngepeng anggone nglawan Tirus; sakehing sirah wus gundhul lan sakehe pundhak wus padha babak, ewadene raja iku sarta wadya-balane ora oleh kauntungan saka ing Tirus ing bab anggone mbudidaya nglawan Tirus mau.

19. Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun maringake tanah Mesir marang Nebukadnezar, raja Babil lan iku bakal ngangkut kasugihane; tuwin bakal ngrerampas lan njejarah lan iki minangka pituwase wadya-balane.

20. Nebukadnezar bakal Sunparingi tanah Mesir minangka ganjaran tumrap apa kang wus dilakoni, sabab wus tumindak ing gawe kagem Ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

21. Ing dina iku Ingsun bakal nukulake sungu kanggo turune Israel lan ndadosake sira banjur bisa caturan maneh ana ing satengahe wong-wong mau. Ing kono nuli bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeheskiel 29