Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 29:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang kaping sapuluh, tanggal rolas ing sasi kasapuluh ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang Pringon, raja Mesir lan nglairna pameca nglawan ratu iku lan saindenging tanah Mesir.

3. Sira celathua lan tutura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten:Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Pringon, raja Mesir, baya gedhe kang ngglongsor ana ing satengahe cawangan-cawanganing bengawanira, yaiku bengawan Nil sarta kang celathu: Bengawan Nil iku kagunganingsun, ingsun kang gawe.

4. Uwangira bakal Sunetrapi ganthol, iwak-iwak ing cawanganing bengawanira Nil bakal Sunkraketake ing sisikira. Sira dalah iwak kang padha kraket ing sisikira bakal Sunsendhal metu saka ing satengahe cawanganing bengawanira

5. tuwin sira bakal Sununcalake marang ing ara-ara samun, sira dalah sakehing iwak ing cawanganing bengawanira. Sira bakal tiba ing ara-ara lan ora bakal dikukup utawa dikubur. Sira bakal Sunpakakake kewan alasan lan manuk ing awang-awang.

6. Ing kono kabeh pendhudhuk Mesir bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. Awitdene sira iku upamane teken pring kanggo turuning Israel:

7. ing nalika padha nyekel sira kalawan tangan, sira banjur putung lan natoni pundhake wong mau kabeh; lan nalika padha sendhen marang sira, sira nuli putung sarta wong-wong mau banjur padha gloyoran kabeh.

8. Milanipun makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal ndhatengake pedhang kang nglawan marang sira, tuwin kang nyirnakake manungsa lan kewan kang ana ing sira,

9. satemah tanah Mesir banjur dadi sepi mamring lan dadi reruntuhan. Ing kono banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.Ing sarehne sira celathu: Bengawan Nil iku ingsun kang kagungan, ingsun kang gawe,

10. mulane lah Ingsun dadi mungsuhira lan mungsuhe cawanganing bengawanira sarta tanah Mesir bakal Sundadekake reruntuhan lan sepi mamring wiwit saka ing Migdol nganti tekan ing Siene, malah nganti tekan ing tapel-watese tanah Etiopia.

11. Ora ana wong siji-sijia kang bakal liwat ing kono, malah kewan siji wae iya ora, sarta tanah iku bakal ora dienggoni lawase patang puluh taun.

maca bab lengkap Yeheskiel 29