Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 27:8-25 Kitab Sutji (JAV)

8. Wong Sidon lan wong Arwadkang dadi pandhayungira;tukang-tukangira, he Tirus, padha dumunung ana ing sira,iku padha dadi matrusira.

9. Para pinituwa lan ahli-ahli ing Gebal padha dumunung ana ing siraarep ndandani karusakanira.kabeh kapal laut dalah para punggawane padha labuh ana ing siraarep ngijolake barang dedagangane.

10. Wong Parsi, Lud lan Put,kang padha dadi prajuritiraana ing antarane wadya-balanira.Tameng lan topong dicanthelake ana ing sira;iku kabeh muwuhi kamulyanira.

11. Wong Arwad dalah wadya-balane padha menek ing tembok-tembokira mubeng lan wong Gamad padha menek ing panggung-panggungira; padha nyanthelake tameng-tamenge ana ing tembok-tembokira mubeng, iku padha njalari sampurnaning kaendahanira.

12. Tarsis dedagangan kalawan sira awit saka akehe lan warna-warnaning barang dagangan; padha ngijolake salaka, wesi, timah putih lan timah ireng karo barang-barangira.

13. Yawan, Tubal lan Mesekh padha dedagangan kalawan sira; iku padha ngijolake batur tukon, barang saka tembaga karo barang daganganira.

14. Wong-wong ing Bet-Togarma ngijolake jaran kreta, jaran tunggangan sarta bihal karo barang-barangira.

15. Wong Rodhus dedagangan karo sira; dhaerah pesisir akeh kang dadi dhaerah pasaranira; iku padha nggawa gadhing lan kayu ireng minangka urup-urupan.

16. Edom dedagangan karo sira, marga saka akehe pametunira; iku padha ngijolake sesotya mirah, kain wungu enom, sandhangan manca warna, kain lena alus, mutiara lan sesotya dlima, diijolake karo barang-barangira.

17. Yuda lan tanah Israel dedagangan karo sira; iku padha ngijolake gandum saka Minit, blendok mur, madu, lenga lan balsem dilirokake karo barang daganganira.

18. Damsyik dedagangan karo sira marga saka akehe pametunira, marga saka akehe barangira kang warna-warna. Anggur saka Khelbon, wulu wedhus saka Sakhar,

19. lan anggur diijolake barang-barangira; wesi kang wus digembleng saka ing Uzal, kayu teja lan tebu tinemu ana ing antarane barang daganganira.

20. Dedan dedagangan kalawan sira ing bab lulang kanggo lapak jaran.

21. Arab lan kabeh panggedhening Kedar dedagangan kalawan sira ing bab cempe, wedhus gembel lanang lan wedhus jawa lanang; yaiku kang kanggo dedagangan kalawan sira.

22. Para sudagar ing Syeba lan ing Raema padha dedagangan kalawan sira; iku padha ngijolake sakehe bumbu-bumbu kang apik dhewe, sakehe sesotya kang larang-larang lan emas, dilirokake karo barang-barangira.

23. Haran, Kane, Eden, Asyur lan Kilmad dedagangan karo sira.

24. Iku padha dedagangan ana ing pasar-pasarira ing bab jubah kang luwih dening endah, kain wungu tuwa, sandhangan kang manca warna, babut kang manca warna lan tali plintiran kang kuwat.

25. Kapal-kapal Tarsis padha nggawa barang dagangan iki kanggo sira.Sira kebak momotan kang abotana ing tengah samodra.

maca bab lengkap Yeheskiel 27