Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 27:19-31 Kitab Sutji (JAV)

19. lan anggur diijolake barang-barangira; wesi kang wus digembleng saka ing Uzal, kayu teja lan tebu tinemu ana ing antarane barang daganganira.

20. Dedan dedagangan kalawan sira ing bab lulang kanggo lapak jaran.

21. Arab lan kabeh panggedhening Kedar dedagangan kalawan sira ing bab cempe, wedhus gembel lanang lan wedhus jawa lanang; yaiku kang kanggo dedagangan kalawan sira.

22. Para sudagar ing Syeba lan ing Raema padha dedagangan kalawan sira; iku padha ngijolake sakehe bumbu-bumbu kang apik dhewe, sakehe sesotya kang larang-larang lan emas, dilirokake karo barang-barangira.

23. Haran, Kane, Eden, Asyur lan Kilmad dedagangan karo sira.

24. Iku padha dedagangan ana ing pasar-pasarira ing bab jubah kang luwih dening endah, kain wungu tuwa, sandhangan kang manca warna, babut kang manca warna lan tali plintiran kang kuwat.

25. Kapal-kapal Tarsis padha nggawa barang dagangan iki kanggo sira.Sira kebak momotan kang abotana ing tengah samodra.

26. Sira kagawa dening para pendhayungira menyang ing samodra kang ngilak-ilak.Nanging ana ing tengah samodra iku sira tinempuh ing prahara saka wetan.

27. Raja-darbekira, barangira, daganganira,punggawaning kapalira lan matrusirapara tukangira lan para langgananiradalasan kabeh prajuritira kang ana ing sira,malah kabeh kang padha nunggang,padha kleleb ana ing samodra ing nalika sira ambles.

28. Krungu panjeriting para matrusira ikutanah dharatan gumeter.

29. Wong kabeh padha ninggal kapal-kapale,kabeh kang padha ngolahake dhayung.Kabeh punggawa kapal lan para matruspadha lumayu menyang ing dharatan.

30. Pangadhuh seru, panjerit ngaru-arakeprungu ing sira;padha nguwur-uwuri awu sirahe,padha gulung ana ing lebu.

31. Padha gundhul, marga saka siralan padha nganggo bagor;padha nangis, atine ora karu-karuwan marga saka sirapangadhuh kang banget.

maca bab lengkap Yeheskiel 27